Minggu, 18 Juli 2010

WIRID WOLUNG PANGKAT

WIRID WOLUNG PANGKAT #1

Kepercayaan Jawa yang asli menyatakan bahwa Dzat Tuhan yang disebut dengan Sang Hyang Wenang (Sang Hyang Wisesa, Sang Hyang Widdhiwasa, Hyang Agung) adalah “tan kena kinayangapa” artinya tidak bisa dibayangkan dengan akal, rasa, dan daya spiritual manusia. Namun ada dan menciptakan jagad seisinya dari antiga (telur, wiji/benih) di alam suwung. Penciptaannya dengan meremas (membanting) antiga tersebut hingga tercipta tiga hal :

Langit dan bumi (alam semesta).

Teja dan cahya, teja merupakan cahaya yang tidak bisa diindera sedangkan cahya merupakan cahaya yang bisa diindera.

Manikmaya, yaitu “Dzat Urip” atau “Sejatining Urip” (Kesejatian Hidup, Suksma, Roh).

Ketiganya masing-masing merupakan derivate (turunan, emanasi, pancaran, tajali, titah) Tuhan. Melingkupi seluruh semesta yang tiada batas ini.

Menurut Kejawen (Mitologi Jawa), maka seluruh semesta seisinya adalah ciptaan Sang Hyang Wisesa di dalam haribaan-Nya sendiri. Artinya, Tuhan murba wasesa (melingkupi dan memuat serta menguasai dan mengatur) seluruh semesta yang luasnya tiada batas dan seluruh isinya.

Di dalam kesemestaan tersebut ada materi (bumi dan langit), ada sinar dan medan kosmis (teja dan cahya), dan ada Dzat Urip (Manikmaya, Sejatining Urip, Kesejatian Hidup) sebagai derivate (emanasi, pancaran, tajali) Dzat Tuhan.

Dalam Kejawen, Dzat Tuhan “tan kena kinayangapa”, yang mampu dihampiri akal, rasa dan daya sepiritual (kebatinan) adalah Dzat Urip, yang kemudian disebut : Pangeran, Gusti, atau Ingsun. Keterangan tentang hal itu bisa disimak lewat wejangan pertama dalam “wirid wolung pangkat ” sebagai berikut :

Wejangan pituduh wahananing Pangeran :

Sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhihin iku Ingsun, ora ana Pangeran anging Ingsun sajatining kang urip luwih suci, anartani warna, aran, lan pakartining-Sun (dzat, sipat, asma, afngal).

Terjemahan dalam bahasa Indonesia :

Ajaran petunjuk keberadaan Pangeran (Dzat Urip) :
Sesungguhnya tidak ada apa-apa, sejak masih awang-uwung (suwung, alam hampa) belum ada suatu apapun, yang ada pertama kali adalah Ingsun, tidak ada Pangeran kecuali Aku (Ingsun) sejatinya hidup yang lebih suci, mewakili pancaran dzat, sifat, asma dan afngal-Ku (Ingsun).

Selanjutnya, marilah kita renungkan kesemestaan yang ada. Maka sungguh Maha Sempurna Tuhan yang telah menciptakan semesta ini. Luasnya tiada terhingga dan semuanya teratur, selaras, dan sempurna. Disebut dalam mitologi Jawa, bahwa semesta tercipta dalam keadaan hayu (elok, indah, selaras dan sempurna).

Dalam tata semesta yang hayu tadi, bisa kita sadari kalau planet bumi yang kita tempati hanya bagian yang sangat kecil dari kesemestaan alam ciptaan Tuhan. Manusia hanyalah salah satu titah dumadi (mahluk hidup) yang ditempatkan di planet bumi bersama milyaran titah dumadi lainnya. Semua titah dumadi disemayami dzat urip sebagai derivate dzat Tuhan. Kiranya bisa disimak wejangan kedua “wirid 8 pangkat Kejawen” sebagai berikut :

Wejangan pambuka kahananing Pangeran :
Satuhune Ingsun Pangeran Sejati, lan kawasa anitahake sawiji-wiji, dadi ana padha sanalika saka karsa lan pepesthening-Sun, ing kono kanyatahane gumelaring karsa lan pakartining-Sun kang dadi pratandha:

Kang dhihin, Ingsun gumana ing dalem alam awang-uwung kang tanpa wiwitan tanpa wekasan, iya iku alaming-Sun kang maksih piningit.

Kapindho, Ingsun anganakake cahya minangka panuksmaning-Sun dumunung ana ing alam pasenedaning-Sun.

Kaping telu, Ingsun anganakake wawayangan minangka panuksma lan rahsaning-Sun, dumunung ana ing alam pambabaring wiji.

Kaping pat, Ingsun anganakake suksma minangka dadi pratandha kauripaning-Sun, dumunung ana alaming herah.

Kaping lima, Ingsun anganakake angen-angen kang uga dadi warnaning-Sun ana ing sajerone alam kang lagi kena kaupamakake.

Kaping enem, Ingsun anganakake budi kang minangka kanyatahan pencaring angen-angen kang dumunung ana ing sajerone alaming badan alus.

Kaping pitu, Ingsun anggelar warana (tabir) kang minangka kakandhangan paserenaning-Sun. Kasebut nem prakara ing ndhuwur mau tumitah ing donya, yaiku
Sajatining Manungsa.

Terjemahan dalam bahasa Indonesia :

Ajaran membuka pemahaman keadaan Pangeran :
Sesungguhnya Aku adalah Pangeran Sejati, dan berkuasa menitahkan sesuatu, menjadi ada dengan seketika karena kehendak dan takdir-Ku, disitu kenyataan tergelarnya kehendak dan titah (pakarti)-Ku yang menjadi pertandanya :

Yang pertama, Aku berada di alam kehampaan (awang-uwung) yang tiada awal dan tiada akhir, yaitu alam-Ku yang masih tersembunyi.

Yang kedua, Aku mengadakan cahaya sebagai penuksmaan-Ku berada di alam keberadaan-Ku.

Ketiga, Aku mengadakan bayangan sebagai panuksma dan rahsa-Ku, berada di alam terjadinya benih.

Keempat, Aku mengadakan suksma (ruh) sebagai tanda kehidupan-Ku, berada di alam herah (jaringan sel).

Kelima, Aku mengadakan angan-angan yang juga sebagai warna-Ku berada di alam yang baru bisa diumpamakan.

Keenam, Aku mengadakan budi (gerak) yang menjadi kenyataan berpencarnya angan-angan yang berada di dalam alam badan halus (rohani).

Ketujuh, Aku menggelar tabir (hijab) yang sebagai tempat persemayaman-Ku. Tersebut enam perkara diatas tadi tertitahkan di dunia, yaitu Sejatinya Manusia.

Semua “titah dumadi” memiliki kewajiban sebagaimana makna diciptakan. Manusia diciptakan Tuhan dan ditempatkan di planet bumi (bawana/buwana, jw.), maka kewajibannya memayu hayuning bawana (memelihara keselarasan bumi).

WIRID WOLUNG PANGKAT #2

Mitologi Jawa (Kejawen) memberikan suatu tuntunan untuk memahami jatidiri manusia sebagai mahluk ciptaan Tuhan yang paling tinggi derajatnya dibanding titah dumadi yang lain. Ketinggian derajat tersebut berkaitan dengan operasionalnya Dzat Urip (Kesejatian Hidup) sebagai derivate Dzat Tuhan dalam diri manusia. Artinya, pada manusia diberikan suatu kesadaran akal, rasa dan spirituil untuk lebih memahami dirinya
sebagai titah mulia (dalam Islam disebut kalifah Tuhan di muka bumi). Untuk itu mari kita renungkan wejangan ketiga “Wirid 8 pangkat Kejawen” :

Wejangan gegelaran kahananing Pangeran :
Sajatining manungsa iku rahsaning-Sun, lan Ingsun iki rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahake wiji kang cacamboran dadi saka karsa lan panguwasaning-Sun, yaiku sasamaning geni bumi angin lan banyu, Ingsun panjingi limang prakara, yaiku : cahya, cipta, suksma (nyawa), angen-angen lan budi. Iku kang minangka embanan panuksmaning-Sun sumarambah ana ing dalem badaning manungsa.

Terjemahan dalam bahasa Indonesia :

Ajaran pemahaman tergelarnya keadaan Pangeran :
Sesungguhnya manusia itu rahsa-Ku dan Aku ini rahsanya manusia, karena Aku menitahkan benih cacamboran (campuran berbagai unsur) yang terjadi karena kehendak
dan kuasa-Ku, yaitu berasal dari api tanah angin dan air, Aku resapi lima perkara, yaitu : cahaya, cipta, suksma (nyawa), angan-angan dan budi (gerak). Itulah yang menjadi cangkok (embanan) merasuknya suksma-Ku rata menyeluruh dalam badannya manusia.

Lebih mendalam lagi penjelasan tentang “purba wasesa” (kekuasaan mutlak) Tuhan melalui “derivate”-nya (Dzat Urip) dalam diri manusia sebagaimana disebutkan dalam wejangan keempat, lima, dan enam dari “Wirid 8 pangkat Kejawen” sebagai berikut :

Wejangan keempat :

Wejangan kayektening Pangeran amurba ciptane (nalare) manungsa : Sajatine Ingsun anata palenggahan parameyaning-Sun (baitul makmur) dumunung ana ing sirahing manungsa, kang ana sajroning sirah iku utek, kang gegandhengan ana ing antarane utek iku manik (telenging netra aran pramana), sajroning manik iku cipta (nalar), sajroning cipta iku budi, sajroning budi iku napsu (angen-angen), sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana Pangeran anging Ingsun, Sejatining Urip kang anglimputi sagunging kahanan.

Terjemahan dalam bahasa Indonesia :

Ajaran kuasanya Pangeran pada akal (cipta, nalar) manusia : Sesungguhnya Aku telah mengatur tempat keramaian-Ku (baitul makmur) berada di dalam kepalanya manusia, yang ada di dalam kepala itu otak, yang berkaitan antara otak itu manik (pusat penglihatan/mata dinamakan pramana), di dalam manik itu akal, di dalam akal itu budi (gerak), di dalam budi itu nafsu (angan-angan), di dalam nafsu itu suksma, di dalam suksma itu rahsa, di dalam rahsa itu Aku. Tidak ada Pangeran kecuali Aku. Sejatinya Hidup yang meliputi seluruh swasana.

Wejangan kelima :

Wejangan kayektening Pangeran amurba rasa pangrasaning manungsa : Sajatine Ingsun anata palenggahan laranganing-Sun (baitul haram) dumunung ana dhadhaning manungsa, ing sajroning dhadha iku ati lan jantung, kang gegandhengan ing antarane ati lan jantung iku rasa pangrasa, ing sajroning rasa pangrasa iku budi, ing sajroning budi iku jinem (angen-angen, napsu), sajroning jinem iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana Pangeran anging Ingsun, Sejatining Urip kang anglimputi saguning kahanan.

Terjemahan dalam bahasa Indonesia :

Ajaran kuasa Pangeran pada perasaannya manusia :
Sesungguhnya Aku telah mengatur tempat larangan-Ku (baitul haram) berada di dadanya manusia, di dalam dada itu hati dan jantung, yang berkaitan di antara hati dan jantung itu rasa perasaan, di dalam rasa perasaan itu budi (gerak), di dalam budi itu jinem (angan-angan, nafsu), di dalam jinem itu suksma, di dalam suksma itu rahsa, di dalam rahsa itu Aku. Tidak ada Pangeran kecuali Aku, Sejatinya Hidup yang meliputi seluruh swasana.

Wejangan keenam :

Wejangan kayektening Pangeran amurba tuwuhing wiji uripe manungsa: Sajatine Ingsun anata palenggahan pasucianing-Sun (baitul kudus) kang dumunung ana kontholing (wadon : baganing) manungsa, kang ana ing sajroning konthol (wadon : baga) iku pringsilan (wadon : purana), kang ana ing antaraning pringsilan (wadon : purana) iku mani (wadon : reta), sajroning mani (wadon : reta) iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana Pangeran anging Ingsun, Sajatining Urip kang anglimputi saliring tumitah, jumeneng dadi wiji kang piningit, tumurun mahanani sesotya kang dhingin kahanan kabeh maksih dumunung ana alaming wiji, laju manggon ana alam pambabaring wiji, laju tumurun ana alaming suksma (iya iku rah), laju tumurun ana ing alam kang durung
kahanan (alam kang ingaran upama), laju tumurun marang alam donya (alaming manungsa urip), iya iku sajatine warnaning-Sun.

Terjemahan dalam bahasa Indonesia :

Ajaran kuasa Pangeran pada terjadinya benih kehidupan manusia :
Sesungguhnya Aku telah mengatur tempat kesucian-Ku (baitul kudus) yang berada di dalam konthol manusia laki-laki (perempuan : baga), yang ada di dalam konthol (perempuan : baga) itu buah pelir (perempuan : purana = indung telur), yang ada di antara buah pelir (perempuan : indung telur) itu mani/sperma (perempuan : reta = sel telur), di dalam mani (perempuan : sel telur) itu madi. Di dalam madi itu wadi, di dalam wadi itu manikem, di dalam manikem itu rahsa, di dalam rahsa itu Aku. Tidak ada Pangeran kecuali Aku, Sejatinya Hidup yang meliputi seluruh titah, berujud benih yang tersembunyi (piningit), turun menjadikan permata (sesotya) yang awal semua suasana masih berada di alam benih, terus bersemayam di alam terjadinya benih, terus turun di alam suksma (yaitu jaringan sel hidup), terus turun di alam yang belum berujud (alam yang disebut upama), terus turun di alam dunia (alamnya manusia hidup), yaitu sesungguhnya warna-Ku.

Wirid 8 Pangkat #3

Renungan kita lanjutkan pada Wejangan ke tujuh dari “Wirid Wolung Pangkat” berikut :

7. Wejangan panetepan santosaning pangandel :

yaiku bubuka-ning kawruh manunggaling kawula-gusti sing amangsit pikukuh anggone bisa angandel (yakin) menawa urip kita pribadi kayektene rinasuk dening dzate Pangeran (Dzat Urip, Sejatining Urip). Pangeran iku ya jumenenge urip kita pribadi sing sejati. Roroning atunggal, sing sinebut ya sing anebut. Dene pangertene utusan iku cahya kita pribadi, karana cahya kita iku dadi panengeraning Pangeran. Dununge mangkene : “Sayekti temen kabeh tumeka marang sira utusaning Pangeran metu saka awakira, mungguh utusan iku nyembadani barang saciptanira, yen angandel yekti antuk sih pangapuraning Pangeran”. Menawa bisa nampa pituduh sing mangkene diarah awas ing panggalih, ya urip kita pribadi iki jumenenging nugraha lan kanugrahan. Nugraha iku gusti, kanugrahan iku kawula. Tunggal tanpa wangenan ana ing badan kita pribadi.

Terjemahan dalam bahasa Indonesia :

7. Ajaran pemantapan keyakinan :

yaitu pembukanya kawruh (ilmu) “Manunggaling kawula-gusti” yang memberikan wangsit (petunjuk) keteguhan untuk bisa yakin bahwa hidup kita pribadi sesungguhnya dirasuki Dzatnya Pangeran (Dzat Urip, Sejatining Urip). Pangeran itu bertahtanya pada hidup kita yang sejati. Dwitunggal (roroning atunggal) yang disebut dan yang menyebut. Sedangkan pengertian utusan itu cahaya hidup kita pribadi, karena cahaya hidup kita itu menjadi pertanda adanya Pangeran. Maksudnya : “Sesungguhnya nyata semua datang kepada kamu utusan Pangeran (memancar) keluar dari dirimu sendiri. Sebenarnya utusan itu mencukupi semua yang kamu inginkan, kalau percaya pasti mendapatkan pengampunan dari Pangeran”. Bila bisa menerima petunjuk yang seperti ini supaya awas dan hati-hati, ya hidup kita ini bertahtanya nugraha dan anugerah. Nugraha itu gusti (tuan) sedang anugerah itu kawula (abdi). Bersatu tanpa batas pemisah dalam badan kita sendiri.

Wejangan ketujuh ini menjelaskan bahwa konsep Jawa tentang adanya utusan Tuhan berbeda dengan yang diajarkan agama-agama. Dalam konsep keber-Tuhan-an Jawa, sebagaimana diajarkan “Wirid wolung Pangkat”, menyatakan bahwa yang disebut “utusan Tuhan” adalah “kesejatian hidup” manusia sendiri. Yaitu “Dzat Urip” yang bertahta dan bersemayam dalam diri manusia.

Selanjutnya kita renungkan wejangan ke delapan dari”Wirid Wolung Pangkat” sebagai berikut :

8. Wejangan paseksen :

yaiku wejangan jumenenge urip kita pribadi angakoni dadi warganing Pangeran kang sejati kinen aneksekake marang sanak sedulur kita, yaiku : bumi, langit, srengenge, rembulan, lintang, geni, angin, banyu, lan sakabehing dumadi kang gumelar ing jagad.

Terjemahan dalam bahasa Indonesia :

8. Ajaran kesaksian :

yaitu ajaran bertahtanya hidup kita pribadi mengakui jadi warganya (titahnya) Pangeran yang sejati, disuruh mempersaksikan kepada seluruh sanak saudara kita, yaitu : bumi, langit, matahari, bulan, bintang, api, angin, air, dan seluruh mahluk yang tergelar di jagad (alam semesta).

Wejangan dalam “Wirid 8 pangkat Kejawen” merupakan suatu ajaran Kejawen tentang kejatidirian manusia sebagai titah Tuhan Yang Maha Kuasa serta hubungannya dengan alam semesta dan seluruh isinya. Maka wejangan tersebut bisa dijadikan pijakan untuk membangun kesadaran kosmisnya. Melalui kesadaran kosmis tersebut dicapai kesadaran ber-Tuhan yang paripurna menurut Jawa.

“Wirid Wolung Pangkat” ini merupakan “wacana” yang digulirkan oleh para Pujangga Jawa di masa Kerajaan Surakarta (Mataram Kartosuro). Diantaranya tercantum dalam Serat Centhini (Suluk Tambanglaras), Serat Wirid Hidayat Jati (R.Ng. Ranggawarsito), dan Primbon Adammakna.

Sistim keber-Tuhan-an Jawa merupakan bagian dari Tata Peradaban Jawa yang menjadi perhatian serius para Pujangga dalam rangka mengupayakan merebut kembali “kedaulatan spirituil” Jawa yang terpuruk sejak runtuhnya Majapahit. Oleh karena itu, oleh kalangan Islam, “wirid wolung pangkat” ini sering dinyatakan sebagai ajaran yang sesat.

Yang menarik justru pengantar ajaran tersebut yang diwacanakan oleh para Pujangga. Konon dirangkum dari ajaran para Wali Sanga yang konon pula bertolak dari “Wejangan” Nabi Muhammad SAW kepada adik sepupu dan menantunya, Sayidina Ali.

Boleh jadi “benar”, namun bisa juga merupakan suatu strategi para Pujangga Jawa yang berniat melakukan “rekonstruksi” sistim keber-Tuhan-an Jawa. Maka, marilah kita jadikan bahan untuk ber-”bawarasa” bersama.

SERAT JATISWARA

Pupuh I
Dandanggula

1.
//Lèpas lampahira sang brangti / tan siswa sasiki mèng priyangga / ratri tansèng jro wananè / lila kasudranipun / ngumpul-umpal ing wong agrami / minta jujuging jawa / nganor kawlas ayun / linanggat saujarira / linajarkèn nabrang tèkèng ujung jawi / ing dèrmayu tithnya//
2.
//Kèh panrimanya mring kang asung sih / yata laju wau lampahira / tanbuh parah pangènanè / anyurang ing wana gung / datan ètang durgamèng margi / tatas writ pagèrotan / ing pangrènganipun / akatah rujiting marga / murwèng ènu tindak lwir anabuh siti / ènggar mèntas kadrèsan//
3.
//Ara-ara lurah lwir jaladri / adèdètu ……… mpèyan / pacing anèdèng sèkarè / sèmbung …….. / ……. lèmbangan sanggalangit / puspanggrèk mènur wulan / …… ngadal-adal / nèng dadalan mandalika lan padali / puring …………//
4.
//Marga tumurun lèbak atrèbis / tunjèm kasèrang tahèn ….. / ……… re / prapta ring wèlahar gung / panabrangan kagolan gali / galintungan ing sèla / sinamur ing lumut / udan adrès alabèhan / parang rèjèng ring tèpis swaranya ringi / katuwuhan candaga//
5.
//Wusnya ngèbèk tèkèng sabrang sisih / kasrangsrangan dèwangkara nèngah / sang brangtya angganta riwè / swanitanira kumyus / grah kabèntar kaswamariwing / wimbaning andakara / kaduwèng ron taru / pidak ro giwanging surya / sang mahawan tasa dungkaping awanci / lohor tar na tar tirta//
6.
//Ka-atoran parahira ririh / murih warih salangkahing marga / sang brangta kandèg lampahè / mèt a …… nèng ranu / dan alèkas mahèrastuti / soring rèjasa kèmbang / katirah wlah agung / tyas sadaliling ngatunggal / risaksana anglusurakèn kulambi / sarta babar musèla//
7.
//Anèng sèla sumayana langking / wus dadyakèn niyat kang sèntosa / ing rakbiratul ikramè / parènging maksudipun / pal hu hu tibaning takbir / ikram mikrad munajat / tubadil linuhung / samana driya lir pèndah / waja duk ingobar bang cinubi warih / datan antara mangsa//
8.
//Cèngèngira unggahing ngabèkti / saucap woring gusti lan kula / sumilih sih gumanti ……. / …….. na bèdanipun / ing antanjèj tanajultarki / atartib tumaninah / awal ahiripun / …….. akirnya / dèn akungsuk pangènjalinirèng widdi / paragat ……..//
9.
//Sampun asèmbahyang mangu linggih / lènglèng mangrèngwa swaraning kaga / drèkuku mun ……. sè / atuduh yèn drèkuku / angrahita sang brangta kingkin / kalangan ……. / apamrih anglangut / malar rèkè satmata-a / ing pranangan bagèna tingal kang warni / tulis tumraping papan//
10.
//Sang brangta jumènèng lagya apti / anon wèca yun minangsèng sarpa / lumayu angungsi rèjèng / manculat tibèng tutug / sinauting taksana nangis / lumaku inguripan / sang brangta atulung / sarpa lumayu atilar / kongkang pjah sang akung grahitèng galih / angur aja tulunga//
11.
//Kalinganè raraga puniki / yèn mangsanè pasti wus pracaya / tan kèna tinulung rèkè / nora ningnang ing pandum / sarwi lungwèng amara aris / sumèngkèng lunur sarya / awaspa drèsing luh / dadya nawang-nawang tingal / atètèkèn sradènta mandè anolih / arsa midik ing marga//
12.
//Asrang karèngwa swaraning paksi / rèbut mangsah nacar karasula / kètèr wurahan abane / woh tuna kang dèn cucuk / tibèng toya minanya bukti / sinang ngandap rarawa / puyiyan nanambut / sang mong kingking a ….. ra / karasèng tyas sakatahing sinung bukti / wus pinasti dèning hyang//
13.
//Wontèn ta …… manuk manilib / tumiling rèkè ring urang-urang / atèhèr panambèranè / tèr ana tan aluput / wus bingyan baksanèki / lawan linaning mina / tan ninang tinèmu / saksana panuting pjah / sinambèr ing alap-alap sang abrangti / saya awas ing tingal//
14.
//……. sayakti-yaktinya karsa jati / kang sumèdya karya ….. / tan na lyan saking dèwèkè / aris dènira ngènu / sumèngka ing gigiring …. / …… kawiryan / alurah aduluh / sekaring trèngguli wawar / kadya tuduh …… rujit / panjantan kang sumèngka//
15.
//Angling dèkah kang kapèring / …… jurang / trèrang sacara-caranè / ambal-ambaling ènu / papaywannya tan awas kèksi / kalingan dèning lirang / wrèksa yom pala gung / patèmon angungang toya / binanjaran pucang rambu tiris gading / pandan pudak apucuk//
16.
//Kèh pisang nyandam pada gumading / tata tang dèkah ababanjaran / sindurja katumpang jèjèr / pracita manda kakung / wongatali andong bang puring / patramènggala amyang / nora pacar-ranu / kayu mas tèja rèjasa / bayèm raja sangga-kasa andamari / tang pakis wisa-mèrta//
17.
//Vganjat panganjaran sang abrangti / mulat tèkang patapan asimpar / pinggir marga tèngèning wè / kayoman dèning andul / apasasir jangga kasturi / samèpa wuwukiran / wangonan pring tutul / kaupacarèng carangan / sèlan sida wayah asri kang asri gading / anjrah kang puspa nyidra//
18.
//Nyudènta woh andap amarapit / kajulingan ing wat nagapuspa / kapuranta rancakanè / sarinya glar sumawur / tibèng siti …. wrèsa rukmi / warsiki andap skar / sarinya aruru / èman dinohan kang skar / amulèr ing jangga marum sanggalangit / ya wilèt winilètan//
19.
//Skar jabung ngalo …… siti / bakung sarinya awra agèlar / galur awor lan kajènè / kèh brèmara marang rum / amrajaya wangining sari / sarinya kaèngèlan / ing sadpada mahyus / …… bantala / kalud dèning liwaran lumrang ing siti / raras rum layèng sana//
20.
//Sumilir arising sabda gati / mèmbating angsoka pinawanan / ……. rèjasanè / rèjèng anjog kumrusuk / anèmpuh gro siratnya asri / muncar kadya mutyara / lamunan lir kukus / sranging toya magut parang / tinahan ing luntak munya sènggani / wor kriciking toyanrang//
21.
//Asiliran ngrangin swara rasmi / kadya mèndat sabda minda-minda / rèngènging brèmara mamrèh / apiji mu dulur / toya tiwar tumaming siti / ngaricik linampuhan / lir gènding pinalu / abarung swaraning kongkang / munyèng jurang ring parang rong anèsègi / patut lir mandaraga//
22.
//Praban aparung rèjèng tumawing / rèngat-rèngat jroning sèlandaka / anglèlès awra rèmbèsè / sinamuting lulumut / anèrasah ngèbèki tèpi / angasut amiwara / ring tègal kadulu / anut lèmpitaning jurang / parang ginggang prènahè susun angiring / panjriting sata wana//
23.
//Sumariwing pawuhè mèlingi / kadyang sung sipta marang samara / marèngi mrih kasidinè / kuwong pèndah anguwuh / sinèngsèngan kang pèksi gading / pring wungwang kapawanan / sru angu nguluwung / asrang lan panggriting wrèksa / sinawaran ing gèrah apanti / mèndung tan jaladara//
24.
//Cikaklak nangis aminta riris / ngajap-ajap sih turuning wrèksa / amlas asih pasambatè / lwir tangising awuyung / ing tèmahè abrangta kingking / awarah tyas ruditya / sawang lina nglangut / matrènyuh dèning …….. / ………………………….. / …………………//
25.
//Dadya tumèdak sang wan brangti / saluhurira punang aldaka / alon tan kandèg lampahè / ngidul ngètan inènu / ardi basak ingkah pinurih / wontèn dèkah kaiksan / pan asri kadulu / winastan ing patègaran / sawètaning prajèng bantèn wana nipis / pèpènggèr palunguran//
26.
//Katon kitrinya tiris awilis / pètung ngèbèbi ing padadahan / atèpung ron mangurènè / kèdèran tègal talun / pagadonanira / atèbih / karang maksih tumruna / aramya dèsa gung / papètètan nagapuspa / kang ing natar angsoka lan wèratsari / tilasing janma wirya//
27.
//Banjar ajèmbar natarnya radin / wiwaranipun tingkah garupa / patani munggwing wra …… / kinèlir grogol alus / pahèrannya sri binotrawi / ayom dèning angsoka / sinèlan gèndaru / tèja rèjasa ajajar / jambu jambè katèpiring lan kècapi / prijata jinam mirah//
28.
//Papuspitanira sri aruwis / binaturan ing bata kumabang / rimbagan ukir-ukirè / papanjaraning ranu / sèla langking pinatra rujit / pudak ngadodèng toya / lwir pada dyah angum / sari sumilir gandanya / rurwèng kisma pèndah sèbaring jinèmrik / nèdèng majang ambabar//
29.
//Jatiswara ascar mulati / pasang rakit banjar pakarangan / kahyun araryyan sèmunè / anumama mring pintu / tèka linggih anèng patani / sarwi aliliyangan / ing sèla tumungkul / anyamaping sèta araras / apaningsèt sutra ingukup tulwa sri / asumping nagapuspa//
30.
//Ki Jatiswara anjVtmikani / gonggong nginga anglonging naya / wènès ijo anglalèntreh / ka-aporani laku / amandaya dènira linggih / angunandikèng nala / sapa duwè dukuh / dènè banjarè awirya / kang mardèsa kaya wong asuka singgih / mangkanan ciptanira//
31.
//Ki Saèmbang kang darbè patani / sutanè kalih sami pèrawan / samya yu-ayu warnanè / Nawangkapti pangayun / Ni Wasita sumèndinèki / arinè Ki saèmbang / wismanipun kidul / wastanè Ki Tigawarna / anakipun satunggil inggih pawèstri / ayu asring linamar//
32.
//Ni Suwatra wastanè puniki / lagya samyarsa rèkè asiram / Nawangkapti wasitanè / Ni Suwastra karuwun / tèkèng jawi cungkèlak bali / gumuyu èsmu mèrang / andulu wong kakung / kapètuk rara kalihnya / Ni Suwastra kang raka dèn popoyani / kakang ana wong lanang//
33.
//Wau ta linggih anèng patani / anyamping patak sarwi nunurat / sutra ingukub sabukè / asumpang nagasantun / ika si wong andudut ati / Ni Rara ro ris mojar / mènèknè tatamu / atakon maring si rama / Nawangkapti kang rayi dèn bibisiki / lah nèda pinaranan//
34.
//Rara titiga pan sarèng mijil / Ni Wasita sèkarè cèpaka / asinjang cangkring kapanjèn / mèntas binabar sampun / akakèmbèn gudang-malati / igupan-upan prada / pipinggiranipun / pupur larap gugunungan / Ni Saèmbang asumping skar warsiki / katub rondonè pisan//
35.
//Asinjang limar toman mantèsi / akèkèmbèn cèlèb lubèng wiyat / salèndang palangi jènè / anyangking skar jabung / Nawangkapti asinjang putih / asèmèkan sarasah / tasik tan rinèmbung / asèkar bagèm wangsulan / Ni Wasita kakangè kang dipun sèngi / samya sangkrib apaguywan//
36.
//Nawangkapti mèsèm angling aris/ sira karo pada wèha kinang / bakal pacanganmu kaè / sing linggih marikèlu / patutè lir lagi nunulis / surasa ingkang gawat / rara ro gumuyu / si kakang iku sèmbarana / lah bok kowè awèha kinang pribadi / marang k wong ika//
37.
//Wis patut tèmèn si kakang ika / alakiya olih lan wong ika / ……. ana kuciwanè / lananganè abagus / wadonanè ayu prak-ati / kalakon tèmènan / mandah bungahèsun / duwèya ipè mangkana / Nawangkapti mèsèm suruhè dèn juwing / sinawurkèn rinira//
38.
//Nawangkapti mèsèm angling ririh / payo Wasita karo Suwastra / payo pinèrpèkan kaè / parèng samyès gumuyu / Ni Rara tri amarèpèki / Nawangkapti nèng wuntat / rinira ro ngayun / lèlèwanira kinarya / wong tètèlu lirang alurungan liring / bibisik Ni Wasita//
39.
//Mucanga kakang jambè wangi / sèpah para sampun para buwang / kang-kang sun tèdanè mangkè / Ni Wasita gumuyu / susumpingè wus dèn alapi / pan kinarya babalang / katut rondonipun / ngèngo angusap srinata / Ni Suwastra angadèg loring patani / kèkèmbènè kèmaga//
40.
//Jatiswara angling jroning ati / iki si wong tan wikan ing krama / dadi si kaniyayanè / amatèni ngasadu / nora kaya cobaning widdi / yèn ingsun kagèbanga / ing warnanirèku / andulu Ki Jatiswara / Nawangkapti dinuk ing naya alindri / dènè mèmpèr kang garwa//
41.
//Nawangkapti awirang kapati / tumungkul tèka anglèking driya / aglis dèn buwang skarè / sariranya marlèsu / kèkèmbènè kèndo pribadi / mundur pan èsmu mèrang / arinè dèn uwuh / Wasita Suwastra sira / marènèya payo yayi pada mulih / aja nonton wong èdan//
42.
//Ni Suwastra rèkè amarani / atur sèkar wau sarwi lunga / tinibakakèn pangkwanè / kèsah sarwi gumuyu / Ni Wasita ……. aglis / sèpahè karya babalang / sarwi guyu-guyu / pada ling-alingan pandan / Ni Suwastra kèkèmbènè dèn lukari / karanè dinuluwa//
43.
//Nawangkapti wirangè kapati / aningali marang Jatiswara / agè mantuk ing wismanè / minggah ing jnèm-arum / tèka niba ngrungkèbi guling / ibunipun anjola / mulat putranipun / agya-agya pinaranan / Nawangkapti ginugah nora atangi / ibunira karuna//
44.
//Ni Saèmbang panangisè anjrit / Nawangkapti ingkang tinangisan / amlas-asih sasambatè / duh nyawa putraningsun / anglilira ta sira Nini / nulya sira atanya / maring anakipun / Wasita sira mrènèya / gya rinangkul pan sarwi dè bibisik / lah tutura dèn wèca//
45.
//Aja kumbi sira sun takoni / tèka ngèndi mau kakangira / tèka mèngkènè dadinè / Ni Wasita sumaur / duk ing wau saking patani / lawan yayi Suwastra / sami ajèng adus / abali wontèn wong lanang / ing patani prènahè dènira linggih / sarwi anon si kakang//
46.
//Pandulunè tèka mambu ati / èmbokmanawa nora pasaja / sirku ana wisayanè / bapanè nambung wuwus / yèn mèngkono kakangirèki / kaglasan lan wong lanang / ing wataraningsun / agupuh nulya busana / Ki Saèmbang sigra mara mring patani / mèdal sarwi anginang//
47.
//Jatiswara èca dènnya linggih / nora wikan yèn ana kang prapta / pijèr angliring sastranè / Ki Suwastra alungguh / gupuh dènnya angacarani / bagèya kang datèngan / tèmbènè andulu / sapa sintèn kang panèngran / Jatiswara nauri wacana aris / dèn agung pangapura//
48.
//Kawula asor raryyan ing ngriki / nunukèri patani andika / akaporan parah rèkè / kaè atanyèng sèngguh / wong kasiyan manira riki / atèngran Jatiswara / awita milanipun / kalirangan dèning kadang / Ki Sajati wastanè kang sun ulati / manawi kapanggiha//
49.
//Ki Saèmbang angrès ingkang galih / aningali maring Jatiswara / tèpa-tèpa tuladanè / Ki Saèmbang lon muwus / mara rèkè anilakrami / nèda maringèng wisma / lamun para tulus / yun mawong sanak lan mara / Jatiswara mojar rum inggih manawi / kaè asih wong brangta//

Pupuh II
Asmarandana

1.
//Nulya kèrid lampahnèki / mara maring wismanira / Ki Saèbang agè-agè / ngrumiyini lampahira / sigra kinèn gagèlar / lampit lan kalasa alus / rinangkèpan kasah pacar//
2.
//Jogan wus sinapu rèsik / nuduh mring rubiyahira / sira angukusa agè / samaktaning pasugata / kang sèmada arikat / rabinè agupuh-gupuh / mring pawon ngukus babètak//
3.
//Ki Saèbang ngacarani / lah anèda alinggiha / kang ingacaran nulya gè / prapta gupuh sasalaman / wus mapan tata lènggah / kaè Saèbang anuduh / mring santrinè Ki Dulmuwah//
4.
//Dulmuwah undangèn aglis / kyahimu Ki Tigawarna / di agè konèn marènè / warahèn ingsun datègan / kang liningan agèpah / marang ing tègaran kidul / panggya pananggil winartan//
5.
//Ki Tigawarna nulya glis / anyamping lurik gèrusan / jubah kutung kulambinè / akuluk batokan ……. / dèstar arab masèman / jèplakan mèrèt du-mancung / nyangkèlang soka wiyana//
6.
//Ngajak ruhiyahirèki / payo sira adandana / jarè kana ana dayoh / rèwangana bakyunira / ngukus karya sugata / kang liningan dandan gupuh / sapatutè amrèsaja//
7.
//Wus kVrit lampahèrèki / tan adangu nulya prapta / Ki Saèmbang nguwuh agè / lungguha ing kènè sira / nulya gupuh alènggah / rahab samya sasalaman//
8.
//Sung pambagya ing tatami / winangsulan karaharjan / dulunè sami règèpè / Ki Saèmbang nguwuh marang / anakè karo pisan / katèlu pulunanipun / anakè Ki Tigawrèna//
9.
//Lah Wasita lan rinèki / Suwastra angladènana / padudan gèni lan gèmbul Wasita Suwastra sigra / sasaos maring ngarsa / gèmbol luwèr cèpuk pupuk / padudan sgèninira//
10.
//Wus sinaoskèn ing ngarsi / mundur ni rara kalihnya / ni rara ngling jro kalbunè / prènyana wong mau ika / kang linggih nèng undakan / Ni Wasita èsmu kanyut / mulat maring Jatiswara//
11.
//Tansah amamancèr liring / ulatè angganda prana / sang brangta mèsèm jro tyasè / Ki Saèmbang ris wacana / marang tatamunira / lah ing ngriki anak bagus / amucanga aududa//
12.
//Apan wus pada cumawis / paran ingkang kinarsakna / amucang myang padudanè / babo aywa taha-taha / papanggih lan pun bapa / kranallah kèwala Bagus / wus wismanira priyangga//
13.
//Ki Jatiswara agipih / anyandak sètongira / binalongson ing suwaos / pinontang ing mas lus-lusan / tèmbakone aruman / pakantuk dènira udud / sawusnya nulya anginang//
14.
//Pangusapan krawangwangi / amèngès manggis karèngat / tèka muwuhi bagusè / amukèt kadubangira / susurè nèng pangèbam / kadya mèsèm yèn dinulu / ni rara ro samya brangta//
15.
//Yata kasaput ing wèngi / samya mrih wèktu asalat / mahrib mring palanggaranè / sarèng mahèrastu kadas / adan sunat akamat / angangkat parluning waktu / Jatiswara ingancaran//
16.
//Mangayun kinèn ngimani / nulya kaè Jatiswara / wus andadèkkèn niyatè / pasèkat usalinira / apatitis takribnya / lwir patining pandam murub / pèt tan ana katingalan//
17.
//Wusing cèngèngira nuli / wawacan wijah iptitah / nulya maca patèkahè / pan ingapti kir’atira / titis mikraj jing sastra / mad kasar sakatahipun / kinawruhan sadayanya//
18.
//Swaranira rum amanis / tèkaning lapal walalla / lir pèksi bèr madal pangè / swarane landung amèmbat / tan ana kang kuciwa / sadayanè kang amakmum / angalèm sajroning nala//
19.
//Saèmbang osiking ati / prènyata lamun ngulama / katara ing wawacanè / ngakuwa bodo tan kèna / wau sira bok rara / karonè paring karuntup / ngijèn-ijèn kang sèmbayang//
20.
//Sawusing patèkahnèki / apan surat idaja’a / gya tèkèng tahyat akirè / nulya sa …… salat / rahab apupujiyan / dikir maca donganipun / gya salawat sasalaman//
21.
//Laju sunat salat waban / wusnya purna laju ngisa / paragat wèktu salatè / sawusè asasalaman / Jatiswara ngacaran / wangsul ing gyanipun wau / samya mudun sangking langgar//
22.
//Nèng wisma tata alinggih / kaè Saèmbang sung ujar / gupuh marang rubiyahè / lah sira asasaosa / bucu sa-ananèka / miwah nyanyamikanipun / tèmonana dayohira//
23.
//Ingkang liningan nulya glis / lan ipè Ni Tigawarna / lan sutanè ni rara ro / ambèkta kèndi Palembang / Suwastra pakobokan / Ni Saèmbang ambèngipun / rampadan bok Tigawarna//
24.
//Tan adangu praptèng ngarsi / Wasita lawan Saèmbang / anata rarampadanè / Ni Wasita asiduwa / baunè anggandèwa / kèmbènè kèndo ing ngayun / kalèlan wonga-wonganya//
25.
//Poking payudara kèksi / pèlot sasisih susunya / kapidih dèning lèngènè / tan mikir kèkèmbènira / pijèr tata rampadan / piringè ambèntuk dèngkul / dèngkulè Ki Jatiswara//
26.
//Wutah sarundèng nèng piring / mèsèm kaè Jatiswara / myat ni rara tènaganè / nawur angèpuh susurnya / micarèng jroning nala / yatallah bok rara iku / atinè angaya-aya//
27.
//Kongsi metu anèng piring / bèntukè bèntuk anjarag / kagawa dèning atinè / ….. nya ngladèni bok rara / Wasita Ni Suwastra / sèmada dipun dadangu / dènira tata rampadan//
28.
//Suwastra dènnya ngladèni / kasusu tata lawuhan / rikuh atinira mangro / kasmaran mring Jatiswara / tan wruh kakèmbènora / marucut lukar mak bluju / kagyat bènakkèn kèmbènnya//
29.
//Ngacèmut ni rara kalih / Suwastra kalangkung mèrang / kajodèyan kèkèmbènè / bapanè ambèkus mojar / bocah tan ngarah-arah / Ki Jatiswara kumèpyur / duk wruh byaring payudara//
30.
//Lir wudun ngabuh-abuhi / mèntèr lir bikir kancana / sinanglin mèntèk amontok / andudut nalaning priya / sèngèh sèdèng samègan / Jatiswara namun-namun / kètang byar akabrojolan//
31.
//Wus mundur ni rara kalih / kinawètan mring bokira / ni rara saya isinè / laju marang pangandokan / ting galigik jorogan / mring gyaning bok-ayunipun / ingkang lagya larasmara//
32.
//Ki Saèmbang wacana ris / marang ing tatamunira / lah rèmpès dahar nakingong / kang ingatag ngècani tyas / nulya lèkas adahar / akèmbul samya pakantuk / nutug dènira anadah//
33.
//Luwaran kang samya bukti / ambèngira cinarikan / wus linorod rampadanè / marang bok nyahi kalihnya / miwah para pawongan / gantya dadaran mangayun / bok nyahi nuding mring putra//
34.
//Lah mara ladèkna aglis / aja na pada sèmbrana / wong lagi ana dadayoh / polahè asèlèndèran / ngisinakè wong tuwa / ni rara samya gumuyu / sarwi anyandak dudulang//
35.
//Linadèkkèn anèng ngarsi / ni rara misih tèg-tègan / kètang duk wau jodèhè / wusnya atata dadaran / andèr ingkang lancaran / pèpèkan pala gumantung / pala kapèndèm kasimpar//
36.
//Myang lah-olahan mawarni / sakatahing jawadahan / arsi nèng ngarsaning dayoh / wusnya ngladèni ni rara / samya mundur ing ngrasa / maring gandok ènggènipun / ngadèp kakangè kang lara//
37.
//Wasita umujil malih / linggih wurinè kang rama / sarwi bibisik wuwusè / rama gih puniku uga / kang ganggu mring si kakang / wontèn ing patani wau / alungguh nunulis lèmah//
38.
//Si kakang kèna ing dèsti / cicintung guna wisaya / dadya si kakang anglamong kèdanan mring wong punika / bapanè ririh nèntak / buh-èmbuh kang dèn ruh-aruh / sarwi nambramèng tamunya//
39.
//Rampès gus pangusap amis / punapa ingkang kinarsan / sakèdik sami wontènè / anulya sami angalap / nyamikan sasènèngnya / rara Suwastra atunggu / lan kang nuwa mring kang lara//
40.
//Wasita mila nènggani / ing sakitè kakangira / papat lan ibu bibinè / kang lara sangsaya lèsah / Ni Suwastra ris mojar / lah kakang andika wungu / yèn mulya lara andika//
41.
//Kula kaul udik-udik / kang ibu tumut anggugah / sira ngalilira dènok / ramanira dadayohan / kakung bagus utama / bibinè milu anguwuh / sira nyahi Tigawarna//
42.
//Lah tangiya Nawangkapti / sok uga sira mulyaa / sun nadari sira anggèr / sun idangkèn maring pasar / Ni Wasita ris mojar / yèn kowè waras sun kaul / payo pada jèmbilungan//
43.
//Ni Suwastra muwus aris / mring uwa nyahi Saèmbang / uwa sun matur sayèktos / wit sakitipun si kakang / marginipun kadyèka / pan inggih tamu puniku / kang dèn rèmèni si kakang//
44.
//Duk parèng mèdal lan mami / wong puniku nuju lènggah / wontèn ing patani gyanè / si kakang sarèng tumingal / ragi cèlak tumindak / cèngkèlak angajak wangsul / kawula botèn anyana//
45.
//Praptaning wisma lajèng gring / sun dugi dayoh punika / ingkang akarya pirantos / wus dèdè sabaènira / sakitipun si kakang / kadi wong kèna ing cintung / duduyung guna wisaya//
46.
//Kang uwa ngling mokal nini / yèn ta dayoh mèngkonowa / pan lagi kaparèng baè / wau ta ingkang / alara / sangsaya lèsah payah / nimbok Saèmbang tyas gugup / mulat marang putranira//
47.
//Langkung dahat dènnya sakit / nguwuh mring rara Wasita / lah nini mrènèya agè / matura ring ramanira / yèn putranè kantaka / Ni Wasita aglis umatur / ring rama nèng pajagongan//
48.
//Kakangbok anggung tan èling / Ki Saèmbang duk miarsa / tumungkul brèbèl waspanè / wasana alon wuwusnya / o ya wus jamakira / kayon kènèng angin iku / lumrah araling kawula//
49.
//Nulya anèmbramèng tami / singgih maring Jatiswara / anak pun bapa tatakèn / miwah ing lara punika / mènggah ing dalilira / wajib lawan botènipun / yèn anjajaluka tatamba//
50.
//Jatiswara muwus aris / lèrès kiyahi punika / apan sunat ing kukumè / ngalara amèt tatamba / Ki Saèmbang ris nabda / bagus pèk makotènipun / tatanè wong among rayat//
51.
//Tata krama sun ranggoni / anging ta kèdah ihtiyar / inggih datèng saliyanè / gya nimbok Saèmbang mèdal / matur ing lakinira / groyok sarwi sènggrak-sènggruk / kyahi putranta kantaka//
52.
//Ki Saèmbang gupuh angling / marang kè Jatiswara / anak inggih manawinè / kapanggih ing panabidan / mokal anak sèpèna / ing sakawruh-kawruhipun / tatambanipun ngalara//
53.
//Sumangga anganak mami / mugi paring usada / ado inggih mangsa borong / Jatiswara aris mojar / inggih kyahi kawula / nging ta pintèn baranipun / luwih karsaning Hyang Sukma//
54.
//Kang karya lara lan pati / Hyang Sukma kang amisèsa / kita ran rumasa darbè / langkung bègdja kang alara / kalamun kaparèngan / Jatiswara malih muwus / marang ing nyahi Saèmbang//
55.
//Bibi manira sung jampi / gantèn puniki sèmburna / yèn allah amarèngakè / gantènnya sigra tinampan / nulya mring pagandokan / gantèn sinèmburkèn gupuh / Nawangkapti gumarègah//
56.
//Sakèdap gya sakit malih / niba lajèng akantaka / samya anangisi kabèh / Ni Saèmbang ngrangkul ing putra / èlinga nini sira / kaèdulunèn ramamu / lagi èwuh dadayohan//
57.
//Apan nora idèp isin / ngalilira anakingwang / dèmèn rinubung ing akèh / kaya priyè sira rara / wèlasa kadang warga / kang lara maksih angligur / ibunè susah tyasira//
58.
//Lah Wasita dèn agèlis / aturana ramanira / yèn parèng lawan dayohè / lawan pamanamu pisan / kon tunggu bakyunira / manawa kabanjur lampus / iya sapa kang kèlangan//
59.
//Ni wasita aglis mijil / ngaturi sarwi karuna / kaèSaèmbang agupoh / tamunira ingancaran / miwah ki Tigawrèna / sigra mènyat wong tatèlu / mring gandok gyanè kang lara//
60.
//Kang angrubung angingsèri / wus tata sami alènggah / Saèmbang nundang anakè / ibu bibinè agèpah / nguwuh-uwuh ing putra / aduh anakku-anakku / Nawangkapti lah èlinga//
61.
//Sapa mulyakkèn sirèki / apa kang sun walèsèna / Wasita miringi dayoh / Jatiswara piniringan / sapa yoganè baya / bisa mulyakkèn bakayu / mandah ta kaul manira//
62.
//Sun ngèngèri tèlung bèngi / Suwastra nambungi ujar / sapa kang amarasakè / ingong ngèngèri sapasar / sok warasa si kakang / Ki Jatiswara ngarungu / mèsèm sajroning wardaya//
63.
//Jatiswara angling aris / yèn parèng sadayanira / kularsa angsung jampinè / pribadi mring kang alara / Ki Saèmbang sukojar / o inggih o inggih bagus / langkung lèganè tyas kula//
64.
//Sampun pindo ddamèl malih / lah nriki anak dèn pèrak / sampun taha-taha anggèr / anulya Ki Jatiswara / mrèpèki kang alara / ingungkaban kukubipun / kagyat dulu warnanira//
65.
//Nawangkapti lir wong mati / sumilak pètak cahyanya / Ki Jatiswara nulya gè / angunus kaplikanira / apan sèmora kidang / gupuh nulya kinaluku / ing toya tuli saksana//
66.
//Siniramkèm Nawangkapti / tan pantara gumarègah / apungun-pungun tanginè / saryanjèlèh julalatan / biyung-biyung sambatnya / lo kaè wongè lumayu / angintar angidul-ngètan//
67.
//Kang awèh sakit ing mami / dodt polèng gawa bèrang / ramaknè gupuh gè-agè / dènira anarik pèdang / lah èndi-èndi rara / gumètèr sadaya umyung / ingkang ngangadèp sadaya//
68.
//Nawangkapti wacana ris / lah wis rama uwis rama / wis kapènak awakingong / sètanè wus minggat mèlsat ? ilang kang awèh lara / kang rama ibu angrangkul / anggambuh suka tyasira//

Pupuh III
G a m b u h

1.
//Bungah kang samya tunggu / rama ibu paman bibinipun / Ni Wasita Suwastra bungah kapati / mulat ring bokayunipun / mulya dènira anglamong//
2.
//Wasita èsmu guyu / bisik-bisik mring Suwastra muwus / bakyu iku padu jiwa di kantongi / lara-lara apa iku / laranè badèk tok-ètok//
3.
//Batinku nora gugu / lara gawèyan baè bakayu / bisa akal rèka-rèka api sakit / bobotè akalè baud / karèpè marang ing dayoh//
4.
//Lah mara bakyu iku / yèn dèn tinggal marang dayohipun / badèk lara manèh mak kringkèl tan èling / Suwastra gumuyu namur / namur mrih tan kapandulon//
5.
//Jatiswara amuwus / bibi prayoginipun kulangsung / gantèn dimèn lèjar manahipun bibi / samya mojar para sèpuh / inggih sukur anakingong//
6.
//Wontèn pitulungipun / maring rayi dika kang tan èmut / karsa maring rayi dika kang tan èmut / karsa maring jajampi inggih utami / gya nginang sawusnya ajur / ginadubangkèn saidon//
7.
//Linèpèh lambar suruh / nulya sinungkèn ni rara gupuh / samya ngling lah nini kinangèn tumuli / paparingè kakangmu / sihè marang sira dènok//
8.
//Marga jalaranipun / kang akarya mulya grubgèrèku / iba-iba kapotanganira nini / mring kakangira sang bagus / sang ayu nampani gupoh//
9.
//Ganten gupuh ginèlut / mèsèm kraos masih angètipun / pan sinamun-samun angusapi lati / nimbok Saèmbang lon muwus yèn wis tan ana karaos//
10.
//Ngabètiya sirèku / marang kakangira dèn saèstu / Ki Saèmbang tigawrèna parèng angling / ya bènèr iku nakingsun / ngabèktiya dèn rumaos//
11.
//Nawangkapti piturut / saking pakonè wong tuwanipun / pan anèmbah ni rara sambi aguling / Ki Saèmbang suka andulu / putranè nurut sapakon//
12.
//Wus samya sukèng kalbu / myat ing suta mulya sakitipun / Ki Saèmbang Jatiswara Tigawrèni / samya wangsul linggyanipun / wong tatèlu tata lunggoh//
13.
//Ki Saèbang lon muwus / walèh-walèh punapa nak bagus / saking dèning pasaja manira angling / lamun pinarèng ing kahyun / bok sampun kapalang ing doh//
14.
//Rayi dika puniku / pun Nawangkapti sumanggyèng kahyun / mugi kalampahana punagi mami / sintèn kang karya rahayu / ing sakiting sutaningong//
15.
//Dadosa jodonipun / mangkya pun anak bagus kang tulung / mulyakaken rayindika Nawangkapti / tèmah tumèkèng rahayu / sumangga karyanèn bojo//
16.
//Jatiswara nor wuwus / inggih nuwun kiyai sihipun / botèn makatèn manah kula kiyai / mastawakèn ngèmpèk sadulur / lahir batin ngong ngangamong//
17.
//kalayan malihipun / kul Lgi NGh (? Angrarah) sadulur / anèm ngikis paran aran Ki Sajati / dè kiyai karsanipun / kapanggyèng wingking kemawon//
18.
//Lamun sampun kapanggu8h / putranta Ki Sajati sun ruruh / yakti kula awangsul mariki malih / puniku sumangga ing hyun / manah tan kapagol-pagol//
19.
//Ki Tigawrèna muwus / kula puniki tumut sumambung / maryogakkèn nampani tibaning kang sih / sih parèng panuju wektu / ning mangsa pènèd linakon//
20.
//Ngangkah punapa bagus / wong priya tan wontèn èwèdipun / mung ambujèng kèdik luwaring punagih / bagus pintèn-pintènipun / nampurnakakèn//
21.
//Ki Jatiswara nènggug / tinanting-tanting raosing kalbu / cipta datan ilok lamun anampik sih / sarat angènaki kalbu / kèwala sunat linakon//
22.
//Lamun datan tinurut / ni rara kang laran nora wurung / angot sakit sangèt luwih lan ing nguni / aprasasat awèh nung / akarya kadudoning wong//
23.
//Lan bapanè kalangkung / pasrah norohakèn anakipun / ing batinè wus mau mula ngarèpi9 / lahirè tan pati kudu / samudananè amopo//
24.
//Ki Saèmbang lon muwus / mugi anak parènga ing kalbu / Jatiswara aris angling anginggihi / Saèmbang lèga tyasipun / anguwuh bojonè gupoh//
25.
//Tan dangu praptèng ngayun / tinuturan lamun putranipun / Nawangkapti ingaturkèn dadya rabi / ing putranta kaè bagus / paran arèpira mèngko//
26.
//Rubiyahè umatur / sakalangkung gèn kawula sokur / kadi pundi kiyai karsanta mangkin / Ki saèmbang lon amuwus / sun arah tumuli panggoh//
27.
//Jatiswara ris matur / singgih pra sèpuh sadayanipun / ingkang dadya panuwun kami kiyai / sampun kongsiya dya mantu / amung ringkèsan kèmawon//
28.
//Angrèbat pèrlunipun / yèn pèrlunipun / yèn kongsiya cara-cara mantu / langkung sangèt pamopo kami kiyai / kranallah kèwala sampun / sukur dadakan kimawon//
29.
//Sapunika ing dalu / milanya tur kawula kadyèku / dènè lagya kula kadatèngan kapti / parah angluruh sadulur / wikan yèn sagèd kapanggoh//
30.
//Ki Saèmbang amuwus / mring rabinè myang mring arinipun / lah wus sira rubiyah ngruktiya aglis / pisang ayu suruh ayu / amung sasangan rong bokor//
31.
//Dene kandurinipun / katèmu wuri baè ya uwus / nimbok Saèmbang sandika nulya angrukti / sasangan paningkahipun / suka sutanira anon//
32.
//Ki Saèbang malih muwus / hèh Dulmuwah timbalana gupuh / ki pangulu Ngabdul Bantèn dèn agèlis / kang liningan sandika wus / sigra animbali gupoh//
33.
//Datan pantara dangu / ki pangulu Ngabdul Bantèn wau / praptèng wisma ingancaran nulya linggih / tur salam marang tatamu / Ki Saèmbang muwus alon//
34.
//Marang ing nyahinipun / payo wètokna dèn agupuh / bon-aboning aningkah saosnèng ngarsi / nimbok Saèmbang anuduh / mring Dulmuwah ngambil bokor//
35.
//Nulya sumajyèng ngayun / kaè Saèmbang malih amuwus / angundanga manèh santri ka naksèni / sosoranè ki pangulu / iya santri tèka loro//
36.
//Ki Ngabdul Bantèn ngayun / bok punika kèmawon gih sampun / Tigawrèna lan Dukmuwah jangkèp kalih / Saèmbang ngling gih wus sukur / ngèmungkèn niki kèmawon//
37.
//Nulya pinapan lungguh / Jatiswara lawan ki pangulu / Ki Saèmbang aèkral dènnya malèni / sun ngrèsaya ki pangulu / dika nikahkèn nakingong//
38.
//Ni Nawangkapti nèngguh lawan Ki Jatiswara puniku / maskawinè slaka putih bot satail / anulya kyahi pangulu / dènnya angijabi alon//
39.
//Gya amaca ngusikum / ngibadalah wabitakwallahu / wanapsibin tipulani nabimahri / kada Jatiswara kabul / inggih anarima ingong//
40.
//Ing paningkahè wau / Ni Nawangkapti kalawan ingsun / maskawin salaka bot satail / tètèp dados utangingsun / ing dunya akèrat rèko//
41.
//Anulya ki pangulu / andongani ing paningkahipun / wus paragat dènira ningkahkèn nuli / sasalaman sadaya mus / salawat binagi gupoh//
42.
//Kang maring ki pangulu / sabokor tindih rong rèyal wutuh / kang sabokor binagi tiyang kakalih / pisang suruh tindihipun / nyarèyal èdang wong roro//
43.
//Pangulu pamit mantuk / wus linilan yata ingkang kantun / Ki Saèmbang amuwus marang ing rabi / paranta sutanirèku / wus mulya pisan si dènok//
44.
//Kalamun wus mulya yu / rèsikana ing sakadaripun / lamun durung dimèn sarèh rumiyin / kang liningan lèngsèr gupuh / nèng gyaning putra ing gandok//
45.
//Prapta aris muwus / paran dènok awakira iku / apa sira masiya karasa sakit / yèn maksih karasa rapuh / sinarèhkèn ing patèmon//
46.
//Kang putra alon muwus / inggih tan wontèn karaosipun / inggih sampun saras tan karaos sakit / èmbokè mèsèm amuwus / ywa kuciwa ing patèmon//
47.
//Nawangkapti agupuh / dènnya ngayu-ayu warninipun / amamatut busana kang sarwa adi / asinjang tèluki wungu / kèmbèn jingga pinaraos//
48.
//Sèngkang bangpang mangunkung / gèlung gèng cunduk-mèntul / intèn bèr byur jari akalpika adi kalih sisih / awida jènar sumunu / tasik sumilak sumuloh//
49.
//Wasita ,ilu payu / lan ni rara Suwastra tan kantun / samya milya angadi-adi kang warni / minangka papatahipun / dasar samya ayu karo//
50.
//Wasita sinjang rimbu / akèmbèn palangi tumpal wungu / sèngkang sèkar sataman intèn pinodi / acunduk bogèm winangsul / wida jènar ayu tinon//
51.
//Suwastra sinjang kawung / akèkèmbèn pelung telpok dadu / sèngkang natabrangta apanunggul siji / aburat kuning sumunu / acunduk sekar règulo//
52.
//Nimbok rara katèlu / tan pahyas lir pangantyan wus wayu / sawusira busana ni rara katri / yata kang sami alungguh / kaè Saèmbang anguwoh//
53.
//Maring ing rabinipun / hèh rubiyah marènèya gupuh / kang liningan tan adangu nulya prapti / anakmu undangèn mètu / konènè ngabèkti ing kono//
54.
//Mring lakinè sang bagus / lan apa duwè cawisan bucu / lamun duwè lah saosana ing ngarsi / nyai Saèmbang umatur / pan inggih sampun karèktos//
55.
//Nulya nèmbah ing ibu / ni Saèmbang anuduh ing sunu / lah Wasita Suwastra saosna aglis / bucu lan rampadanipun / ingkang liningan agupoh//
56.
//Nulya bucu mangayun / wus tinata rarampadanipun / nulya ingacaran sarèng kèmbul bukti / dènnya anadah pakantuk / wus antara nulya lorod//
57.
//Pangambèngira sampun / rarampadan cinarikan mundur / kaè Tigawrèna nulya pamit mulih / Jatiswara cinaran wus / minggah guling maring kobong//
58.
//Nawangkapti gya mundur / sangking ngarsa mring patilamipun / Ni Wasita Suwastra samya tut wuri / miwah Jatiswara masuk / Ki Saèmbang maring gandok//
59.
//Angiwèkani mantu / ngaturakèn pasihaning sunu / sinangaya sakarsanè palakrami / sèdya ingugung sakayun / raras raosing pamiyos//

Pupuh IV
M i j i l

1.
//Sira kaè Jatiswara misih / nèng jarambah lunggoh / kadi gègètun ngungun wangunè / sanalika karaos ing galih / marang ingkang rayi / Ki Sajati wau//
2.
//Ciptaning tyas paran ingsun iki / lunga ndon ngupados / sanak kang nis tanpa tuduhanè / kawèngwèngan sarirèngsun iki / kagèbang ingstri / turstri kur-ukur//
3.
//Yèn ta ingsun sèlakana iki / cobaning hyang manon / nadyan nèmu ala lan bècikè / pada sipat ganjaraning widdi / bècik sun lakoni / sakadaring kayun//
4.
//Ingsun kinon wruha surasaning / pamangguh linakon / wus wangsul tèngtrèm ika galihè / Ni wasita umatur ngèsèmi / basa kakang mangkin / mring ngèndi katèngsun//
5.
//Esmu ngujiwat sarwi ngèsèmi / ni bok rara karo / samya angèngèndo pakèmbènè / bontos patosanè mrih kaèksi / sang bagus nujoni / myat tyasnya kumèpyur//
6.
//Rumiyin mila rèmènanèki / payudara gèmoh / ciptèng nala è bocah ro kiyè / sasolahè tèka manas ati / mir-mir baè mami//
7.
//Ni Wasita aturira ririh / kakang wau ingong / gadah nadar sinten nyarasakè / ing sakitè si kakang mèh mati / ngong ngèngèr ngladèni / inggih tigang dalu//
8.
//Dèn punapak-punapakna mami / tan lèngganèng pakon / Ni Suwatra umatur tan paè / kawula inggih tumut ngauli / ngèngèr pèndak legi / anglègakkèn kahyun//
9.
//Kinèn punapa kula lampahi / boten nèdya mopo / ing sadamèl-damèl kula mangkè / Jatiswara kaadonan liring / alon mring jinèmrik / nangkèp samiripun//
10.
//Sira wau nikèn Nawangkapti / pi-sèpi katuron / rèm-rèm-ayam sang ayun sangkribè / kumarangsang mètu ngirungnèki / kakungira inng wingking / nulya nunggal ujur//
11.
//Nawangkapti tyasira kumitir / arikuh krègon / docèng napasira pangorongè / kumarangsang mètu ngirungnèki / ati sènak-sènik / kètèg rèbut ducung//
12.
//Jatiswara yun nèkakkèn kapti / angayuh asta lon / palungayan inèngo pipyanè / dyah ingaras-aras wanti-wanti / dyah api ngagyati / kèmbèn sinalusur//
13.
//Miwal asta tangkising pamurih / rèjèngan asrèwot / ngèsah angling i mangkè ta mangkè / dika puniku arsa punapi / tèka mamèdèni / agrita-agritu//
14.
//Sang kakung tansah angarih-arih / babo mirahingong / aywa miwal-miwal ta nah anggèr / utama kang bangun-turut laki / mirah kang supadi / gung ganjaranipun//
15.
//Nadyan makatèna ujar mami / tan tatè wakingong / tèmbè parèkan priya mèngkènè / atiswara mamèksa angudi / ngudi amimingkis / papadoning pinjung//
16.
//Nikèn kabaudan ing priya mrih / tiwaring wastra lon / lir brèmara angisèp sarinè / ngungsèd-ungsèd mrih maduning sari / ni rara tanpolih analalah ing hyun//
17.
//Dasar sèdèng mèpègi birahi / yun wruh surasèng don / anrah karsa wus sumarah ing rèh / wèntis katitih wastranya ririh / warastra mumurih / curnaning ngawungkul//
18.
//Tinumama rèngating ngakincip / anjingkat sang sinom / mèh kawiwal kang lir kocolanè / karoncalan nikèn Nawangkapti / kampita pinipit / kapikuting bau//
19.
//Nèngkah-nèngkah jaja anjiwiti / juwèt asambat bot / winawasa ing priya tan rèrèh / karikuhan kang pinongah-pangih / sambat-sambat mati / samudananipun//
20.
//Antaraning kaprihannya rapih / dènira karoron / tèmbè katètèsan sira nikèn / sakalangkung dènira mahyun sih / nutug pulang-rèsmi / parpatèng gatinipun//
21.
//Aluwara ingkang akaron-sih / wau ta sang sinom / kadya sawung kapilis paminè / lir tan kèlar ngangkat sarirèki / karapuhan dèning / katèmbayèng kahyun//
22.
Nulya maring pawarihan sami / susutya karoron / langkung dènnya sih-sinihananè / wusnya dènnya mahèr nulya maring / patilaman malih / tansah among lulut//
23.
//Ingkang andaga tan antuk guling / sira ni rara ro / Wasita lan Suwastra agorèh / amyarsakkèn tingkahing pulang-sih / pan aklisak-klisik / tyasè mèlbu-mètu//
24.
//Saking sèdèngè mèpèg birahi / langkung kamicèlon / lamun bisa akalakon lakèn / saking dènnya dahatnya kapèngin / wruha surasaning / saluluting kahyun//
25.
//Mangka mangkya myarsa swabawaning / pangulahing langon / tèla-tèla pangèsèsè / tyasnya milu sènig-sènig / gorèh tansah lirih / truwu-ura-uru//
26.
//Ngrungu rambah-rambahing arèsmi / tyasnya kumalèton / ni Suwastra ciniwèl susunè / kagyat nuli malès niwèl pipi / ting galègès ririh / pan pada dènipun//
27.
//Malah kongsi mijilkèn rasèki / sami angacocor / tan wus ucapèn kang tingkah sèmbèr / Jayiswara wusira susuci / maring masjid alit / mahèr wèktu subuh//
28.
//Yata wau winarna ènjing / Ki Saèmbang lunggoh / anèng pandapa lawan garwanè / sarwi sasaji daharan ènjing-/ènjingan ing ngarsi / nulya tan adangu//
29.
//Arinira Tigawrèna prapti / tur salam alungguh / rubiyahira tansèng wurinè / sarwi bèkta dulang tinup saji / rong dulang samyisi / rampadan amunjung//
30.
//Kulawangsanira santèki / nak-sanak myang mindo / kamituwa pamagèrsarinè / kaè Datuk Burum Ki Coraki / lawan Ki Pakabir / myang saliyanipun//
31.
//Ingkang samya amiyarsa warti / ana wong mardayoh / laju pinèt mantu mring kyahinè / datan ancan-ancan darbè kardi / dènè dènnya ngawi-/-akèn dalu-dalu//
32.
//Samya yun wruh mring mantunirèki / prapta lanang wadon / samya ngaturakèn punjunganè / lan sakadar pasumbangirèki / arta miwah jarit / batik lurikipun//
33.
Sadaya wong Patègaran dèsi / Pamutiyan dukoh / pradikanira sultan Bantènè / tanpa cacah sagaduging kudi / lamun winitawis / ana sawah nèm jung//
34.
//Mila katah kang amagèrsari / andumpil dudukoh / kadi ana wong tèlung-atusè / yata kang sami tata alinggih / anèng ing pandapi / tèpung adu dèngkul//
35.
//Jatiswara linuding pangèksi / sakèh para dayoh / samya anèmbrana pambagyanè / winangsulan ing sabda basuki / angalèmbanani / sadaya kang dulu//
36.
//Enjing wus rumat kang raratèngi / ambènganira bot / winèdalkèn wau asahanè / Ki Saèmbang ngasarakèn aglis / kinèn andongani / kajatè majèmuk//
37.
//Ki Pangulu Ngabdul bantèn nuli / andongani gupoh / ramya ambata-rubuh aminè / suka bungah sakatahing santri / wusnya dèn dongani / Ki Saèmbang muwus//
38.
//Lah wus kono mirani-mirani / kèpungan kang royom / adan nulya ngèpung kandurinè / ingancaran sasarèngan bukti / sadaya anuli / nadah ambèng kèmbul//
39.
//Wus antara nutug kang abukti / luwaran awisoh / ambèng samya dinum barèkatè / wus warata sadayanirèki / samya pamit mulih / mung kari pra sèpuh//
40.
//Gantya dadaranira mangarsi / rampadan sumaos / Ki Saèmbang anumanggakkè / rampès punika pangusap amis / kang ngacaran nuli / mèt sasènèngipun//
41.
//Kaè Saèmbang amuwus malih / gèr pun bapa mangko / yung tatanyaa ing sayèktinè / mugi anggèr nuntun kawlas asih / pun bapa puniki / kalangkung balilu//
42.
//Jilma kolot dèrèng wruh ing margi / tansah sèlan-sènggoh / dèrèng dungkap ing kawruh jatinè / surasaning kalakuhan urip / marma ingkang mugi / tduhèna tèngsun//
43.
//Ing ngagèsang praptanè ing bènjing / Islamè tèkèng don / wiwitan kalawan wèkasanè / durung pisan pun bapa puniki / lami angulati / nging dèrèng amangguh//
44.
//Jatiswara aris anauri / Kiyai yun takon / singgih maring kawula ing mangkè / pintèn-pintèn binuka ing ati / kula puniki gih / tan paè balilu//
45.
//Mung martakèn wirayat puniki / animbalkèn wartos / maring pawong sanak luhung rèkè / nularakèn paèsaning ngilmi / dalil kadis tuwin / ijmak kiyasipun//
46.
//Tan nyèkutu kula lawan gusti / sayèkti yèn kaot / kanugrahan sipat ing ananè / kang sinung kèwala anjatèni / mimbuhi sakèhing / urip nugrahan gung//
47.
//Jinatèkkèn ing manusa yakti / ingaranan manggon / badan nurcahya ing sakikinè / wiwitan lan wèkasanirèki / ananing Hyang Widdi / langgèng sucinipun//
48.
//Langgèng wahyu mulya ananèki / datan sapandulon / miwah tan kajisim ing ananè / Ki Saèmbang anauri aris / manira miyarsi / wirayat puniku//
49.
//Paèsan wahya jatmi singgih / lèwih lèmbut anor / tan kiksan tinonstingarahè / wènèh parèbatan amastani / agal kèksi ugi / sabalègèripun//
50.
//Jatiswara wuwusè amanis / kula myarsa wartos / singgih kang aran paèsan rèkè / wikan lèrès lawan lèpatnèki / jasad roh ilapi / paèsan Hyang Agung//
51.
//Wahya paèsan jatmika crèmin / kang satèngah kaol / paèsan tan masup ing jasadè / jasad tan masup ing carmin jati / wawayangan nènggih / pundi purbanipun//
52.
//Ki Saèmbang mangkya muwus aris / aduh anakingong / tuturèn ingkang matitis rèkè / supaya pun bapa sumurup ing / patitising ngèlmi / supadi sun wèruh//
53.
//Jatiswara mangkya muwus malih / wontèn kang wiraos / nènggih saking tulèn pinangkanè / ana sasmitannya ing pangiksi / kalihing ngatunggil / pisah kumpulipun//
54.
//Lamun kumpul tan beda warnèki / yèn ta pisah ing gon / langkung bèda pan dèdè èmpèrè / tèbih sungsatipun datan mirib / yèn kumpul lir gèndis / lawan manisipun//

Pupuh V
Dandanggula

1.
//Anèda mangkè manira iki / undak-undak rèkè kang sasmita / ana kang angilo mangkè / kadi pangilon sèwu / yèn wawadahè datan aisi / tan ana rupanira / nènggih dirinipun / yèn wadahè isi toya / nèng buwana prènahè dirining Widdi / pada pamaning surya//
2.
//Wadah sèwu pada rupa rawi / kasènènan dènirèng raditya / surya anunggal rupanè / dèning punapanipun / panunggaling sasi sasiki / wadah wus ingulapan / èndi rupanira / wujudè ingkang atunggal / èndi ananing wadah kalawan isi / sasmitaning paèsan//
3.
//Ki Tigawarna sumambung angling / ucapèna ujar kang punika / pun bapa arsa wruha rèkè / Jatiswara amuwus / singgih paman sasmitnèki / kang anèng jro paèsan / pan aisi madu / èndi rupaning wahya / wawayangan kahananira kang jati / jatmika rupa tunggal//
4.
//Kajatènè damar paminèki / mnyak calupak wahya lir jasad / jatmika (jisim sumbunè / pundi ananirèku / ing rupaning jasad lan jisim / urubè kinawruhan / labètè puniku / suruping wahya jatmika / ing patining sumbu dèn awas puniki / uripè lagi prapta//
5.
//Urub urip sadurungè prapti / èndi rupanè araning damar / yèn mati èndi surupè / pan ilang labètipun / ing uriping agni kang prapti / sasmitaning kang nyawa / lawan jisimipun / èndi rupaning kang nyawa / lan jisimè kang pundi labèting agni / suruping pejah gèsang//
6.
//Ki Saèmbang ngungsèt tanya malih / lah ta anggèr rampès babarèna / ing tinggal lawan lakirè / èndi ananing wau / lan oranè kita pribadi / widi widining karsa / ing wisèsanipun / andadèkkèn saking ora / dadining ana marganè jagad iki / wal-akiring kawula//
7.
//Kang akarya nguripi matèni / amanjingkèn swarga myang naraka / angganjar ing mukmin kabèh / ing karsa Hyang Maha Gung / ing wisèsanipun puniki / mokaling Hyang aniksa / ngapuraa iku / wong kapir muja brahala / sajègjègè anèmbah ing brahalèki / prandènè manjing swarga//
8.
//Jatiswara wuwusira aris / mungguh ing Allah kang sipat murah / dunya asih akèratè / rusak lan mulyanipun / ing ngagèsang sampun pinasti / tataning bangsa sarak / manusa sadarum / mulyakkèn agamanira / kang winastan duraka tinggal agami- / -nira kang wus utama//
9.
//Sarèngat Nabi Rasulullahi / luhur priyangga lan pra agama / Ki Burun nambung takèn / a ing anèda dunung / sampurnaning Islam puniki / èndi adèp idèpnya / pangèn kang Agung / pun kaki lah dunungèna / supadinè ginawè sasangu mati / manira wong wus tuwa//
10.
//Jatiswara mojar ènggèh kakai / rèkè kalbi mukminin batullah / kang tan kèna sah salatè / dèn adèpa kèlbu / sarta sèdya suka nglampahi / taki-taki agama / rasul kang lèstantun / ing marga ingkang sampurna / kaè Datuk Burum tatanya angudi-/ -udi lidè kang sabda//
11.
//Pirsak-kèna kaki kang dumèling / manira rèkè angujar warta / wiyosing sabda katahè / ing asalat puniku / adègipun asaling gèni / cahyeng roh ilapika / urip jatinipun / ingkang tan kènaning pejah / rurukipun puniku angsaling angin / rohkani jatinira//
12.
//Ingkang mangka tatalining urip / sujud asaling toya nurullah / roh rabani kajatènè / rahsaning urip nèngguh / pan alungguh asaling bumi / roh jasmani nyatanya / kalanggènganipun / ajali abadi purna / pan woripun lan kang sipat cmurah asih / sampurnaning panèmbah//
13.
//Ki Coraki alon nambung angling / ngong puniki won-awon kaprènah / anèm angawu-awunè / kula lan dika bagus / lèrèsipun kula puniki / sèpuh-sèpuh angakang / mring andika nèngguh / bagus ngadi datèng kula / Jatiswara mèsèm anauri aris / ènggèh sukur kèwala//
14.
//Ki Coraki muwus aminta sih / kakang bagus sampun sita-sita / gyanta amuwus ta rèkè / mènggah takbir puniku / kakèkatè kadi punèndi / Jatiswara lingira / ing kakèkatipun / ing takbiratul ikram / pan sakawan ikram mikrad munajati / tubadil jangkèpira//
15.
//Ikram cèngèng nirnakkèn sakalir / liya saking wujuding pangèran / mikrad ngunggahkèn salatè / mring kajatèyanipun / tinggal jaman salir dunyèki / munajat sapocapan / lan panèbutipun / sucining ikrar kang mulya / pan tubadil rèkè puniku gumanti / ing kaènènganira//
16.
//Ki Pakabir wuwusira aris / a ing puniki lan Ki Saèmbang / kula angaki prènahè / yèn umur sèpuh tèngsun / dasa-dasa wus awunèki / dados kula amaman / mring andika bagus / nginggihi Ki Jatiswara / Ki Pakabir tatanya wacanan manis / kiyai Jatiswara//
17.
//Andika padangakèn tyas mami / kadipundi karsa pèkènira / batangèn pundi tègèsè / saraking salat iku / lan tarèkating salat nènggih / kakèkating asalat / myang makripatipun / ing salat kadi punapa / kaè Jatiswara anauri aris / inggih kèdah waspada//
18.
//Winaspadakakèn tingal kalbi / sarèngatè ing salat punika / kalawan suci badanè / dènè tarèkatipun / ing asalat lèsan kang suci / kakèkating asalat / suci kalbunipun / makripating ing asalat / kang waspada tan nyiptanira kang dadi / sampurnaning panèmbah//
19.
//Bangsa badan bangsa lèsan tuwin / bangsa ati mukarahanira / bangsa èning tarètibè / suci badan puniku / dadi sipating ngabèkti / pada kahananira / karèp kang saèstu / ing sabda sira pangèran / tokid kalbi Mukammad rasa puniki / jumbuh pada Mukammad//
20.
//Mantuk-mantuk kang sami adèling / samya kalèjaran manahira / myarsakakèn muradè rèkè / samya karènan ngrunggu / Ki Saèmbang wècana aris / lirè pada Mukammad / kang puniku wau / tègèsè kadi punapa / pundi rupa anggèr tuturèn tumuli / inggih mangsa dèdèya//
21.
//Jatiswara mangkya muwus aris / kadipundi paman ingkang karsa / pan wonten kilat mangsanè / asal bumi puniku / ing lungguhè kakèkat nènggih / datan kena ingisab / asal angin iku / asal bumi saking hawa / asal banyu mangkè kawula awarti / paman dateng andika//
22.
//Gih supaya padangan kang galih / asal banyu pan saking aksara / alip ta endi tègèsè / asal angin puniku / dadi sipat sipatinng alip / ngadeg asaling padang / geni jatinipun / yèn pun paman yun waspada / atakèna janma kang wus bisa mati / pasti lakung waspada//
23.
//Saèmbang ngling kang kahanan kaki / Jatiswara aris wacana / karèm lan cahya tègèsè / Mukammad ingkang weruh / kahananè napsu puniki / angsal angin punika / dadi badanipun / asal banyu dadi dada / angsal bumi dadi edat kang sayekti / puniku waspadanya//
24.
//Ki Saèmbang wuwusè amanis / anggèr manira boya kaduga / ya kabèh iku artinè / Jatiswara gumuyu / asal api kang dadi iki / asalè dadi lampah / inggih wiyosipun / Saèmbang mredi atanya / Jatiswara muwus welas jroning ati / paman neda rinasa//
25.
//Asal api dadi amperu singgih / asal banyu kadadèyanira / apan iya ati rèkè / asal sirah puniku / angsal dada kadi punèndi / angsal angin punapa / yèn tan wruh puniku / mungguh kadadèyanira / asal bumi dadi budi nyawa iki / poma paman dèn awas//
26.
//Punapa ingkang katur rumiyin / ing pangèran angsal bumi ika / mungguh punapa katurè / Nurcahya ingkang tuhu / asal banyu sujudè iki / tan katur ing pangèran / Nur Maniyun iku / asal bumi lungguhira / ya rahmani iya tuhu mèngko iki / Saèmbang malih tanya//
27.
//Apa ranè kang angrungu iki / apa ranè kang lumaku ika / jro ati endi tègèsè / ing pangucap puniku / abulullah wastanè singgih / rupanè kaya cahya / ing sagara iku / uripè pan kadi rètna / anèng pucuking grana rèkè puniki puniki / grana tanpajamuga//
28.
//Sasal banyu kang rukun puniki / dèn adèpakèn maring sirullah / cahyanè lir lintang rèkè / wruh ing piyambakipun / lan parèkè Allah puniki / nora sakutu wimah / tan pisah tan kumpul / tunggal rasa lawan Allah / tègèsipun tan ana kula lan gusti / puji-ppinuji dawak//
29.
//Samya catèt patanggaping kapti / Ki Saèmbang myang Ki Tigawrèna / Ki Coraki Pakabirè / tanapi kaè Burum / padang susurupanirèki / langkung asuka-rèna / wuwuh kawruhipun / Ki Saèmbang lon wacana / bok suwawi nyamikanipun cinèmik / dèn kèndèlkèn kèwala//
30.
//Kang liningan samya angajoni / ngalap dadaran sasènèngira / wowohan juwadahanè / sawusira anutug / Ki Saèmbang wacana malih / hèh rubiyah dèn ènggal / saosa bubucu / iki wus bedug wayahnya / kang liningan sigra anuding ing siwi- / -nira katiga pisan//
31.
//Kinèn naosakèn rampadan sami / Nawangkapti Wasita Suwastra / samya ngladèni kaktrinè / wus tata glar angacarani / suwawi wawantingan / abukti ing ngriku / nulya sami tuturuhan / datan nadah tan pati amikantuki / tuwuk duk nadah ènjang//
32.
//Wus antara nutug dènnya bukti / ambèng rampadan gya cinarikan / gumanti dadarananè / cinaran lah ing ngriku / sakarsanè pangusap amis / sami sarèng angalap / ing sasènèngipun / wusè dènnya mamangsègan / Jatiswara wuwusè angacarani / waktu lohor ing langgar//
33.
//Kang tinumbung dangan anginggihi / gupuh samya maharèstu kadas / Ki Jatiswara imamè / antaraning wèktu / bahda salat salawat sami / laju asalaman / pra tamu mit mantuk / bubar sing langgar kèwala / Tigawrèna Coraki Burum pakabir / amulih sowang-sowang//
34.
//Miwah kulawangsa magersari / ingkang samya ulah angibadah / tanapi para santrinè / mudun bubaran mantuk / mring pondokan sabilik-bilik / ingkang ngulon mangètan / kang ngalor mangidul / Saèmbang lan Jatiswara / malbèng wisma Nawangkapti amètuki / laju tumamèng tilam//
35.
//Sru wulangun Nikèn Nawangkapti / marang ingkang raka Jatiswara / pisah satugèl dinanè / pangrasanè sataun / tan pangguh lan lakinirèki / Nawangkapti sasmita / minta pinrih ing hyun / Jatiswara wruh ing cipta / ngalap asta niyung lungayaning rabi / sarwi ingaras-aras//
36.
//Mangus asmara nèkakkèn kapti / kadya sadpada angungsèd padma / arèngrèngih pangarihè / dasar èstri kahyun-hyun / kabaudan kakungira mrih / kapadan ing sukarsa- / -nira kalihipun / lunturing rasa gatinya / pagut pyuhing kèsar angganira kadi / linolos tulangira//
37.
//Aluwaran kang samya among sih / mijil sangking tilam mring patirtan / wusnya wangsul mring jenemè / ni rara ro andulu / ring kakangè Nikèn Nawangsih / guyu-guyu semada / ngontor manahipun / sinambi morosi sedah / Ni Wasita Suwastra paguyyan ririh / asojar kalesikan//
38.
//Nora jamak si kakang iki / dupi duwè bojo salin ada / saiki laranè ngalèh / ngalih priyè ujarmu / è lah iya tak gawè ngalih / wong duwè lara mamak / karo suda prungu / rada bisu tan patyojar / wis kaya wong deglen nora angromèsi / mring sanak wong atuwa//
39.
//Ni Suwastra agaligik ririh / ngiling ya iku apanè kang mawa / si kakang satenaganè / bèda lan sabenipun / pandugaku baè tan sisip / olèhè mari gapyak / wong uwis digapyuk / mara badèk iku iya / kakangmu basa wis laki ceg uwi / bok iya nganggo tawa//
40.
//Wasita ngling niwel pipi / dènè wong amangan sega / nganggo tetawa sandingè / ya dangdanan wong iku / yèn wis olih mèloking mèlik / kudu amalak dawak / langguk ènak-ènuk / sanak kadang tan kèlingan / Ni Wasita gumuyu lah iya becik / mengko bengi kèwala//
41.
//Iya pada payo dèn temeni / angganggu mring si kakang sing lanang / wong ganggu mono kapriyè / wong pada durung tau / wasemnono yèn sira uwis / non-anon wong lanang / Ni Suwastra muwus / ya duga kèwala / mangsa ngedohana / karo bocah cilik / dolanan pangantènan//
42.
//Lo iku si kakang mau bengi / rina iki ya mangsa oraa / kaya mau bengi kaè / banènè ting barekuh / teka ngesar-esari ati / nora ngolèhi nèndra / myang ati pyur-epyur / lah kuwè lo ngrungok-ena / Ni Wasita anyeblèk niweli pipi / pada aciciwelan//
43.
//Saking pada mepegi birahi priya / angatarani solahè / wau ta kang mong lulut / nutug ing sakahyunirèki / mijil saking pamrikan / mring pahèranipun / laju ngasar maring langgar / Ki Saèmang wus kapanggih anèng masjid / nengahi parlu kèwala//
44.
//Jatiswara lohor amakmuni / wus antara bakda parlunira / Jatiswara nutugakè / pribadi parlunipun / wusnya bakda salaman sami / mring dulmuwah / lah kaè lo jeg Tigawrena prapti / kon marènè kèwala//
45.
//Kang liningan Ki Dumuwah aglis / ngacarani mring Ki Tigawrena / kang ingacaran nulya gè / Ki Saèmbang sru muwus / kènè baè nglanggar alinggih / matur inggih anulya / atur salamipun / miwah maring Jatiswara / gya Ki Burum Coraki Pakabir prapti / yun laju mring pandapa//
46.
//Tinuturan mring Dulmuwah aglis / samya kinèn nampang maring langgar / ingkang kinèn agè-agè / mring langgar prapta lungguh / samya atur salamirèki / miwah mring Jatiswara / pasalamanipun / Ki Saèmbang lon amojar / hèh Dulmuwah jaluk-a pacitan linggih / wèdang lan nyamikan//
47.
//Marang nyainira dèn agelis / Ki Dulmuwah sigra maring wisma / amundut pasajènanè / Ki Saèmbang anuduh / mring anakè kalih ngladèni / gupuh rara Wasita / Suwastra tan kantun / nampa rampadan nyamikan / ni rara ro ababraèn bebesusi / sasolahe kinarya//
48.
//Dadaran wus sumaji ing ngarsi / nulya mundur ni rara kalihnya / Ki Saèbang mgacarakè / rampès dadaranipun / kang cinaran samya ngalapi / ing kasenenganira / nyanyamikanipun / Ki Saèmbang ris wacana / kadi pundi tetesè iman puniki / tokid makripat islam//
49.
//Jatiswara anauri aris / makripat rekè dingin ingucap / gumanti singgih tokidè / ayun wikan karuhun / tunggaling hyang nora kakalih / sampun nyata ing tunggal / tokid aranipun / tinengguhaken ing nala / ingaranan iman puniku kiyai / pan pangèstuning driya//
50.
//Risampunnya nandang iman singgih / tan lenggana ing pakon lan cegah / salat jakat lan siyamè / munggah kaji kang sukur / myang sahadat tan kena lali / jangkep rukuning islam / nut agama rasul / puniku ingaran islam / pikukuhing iman wowolu anenggih / kang dihin kayun ika//
51.
//Ngaliman lan kadirun puniki / muridu basirun saminguna / mutakalimun bakinè / Ki Saèmbang amuwus / lid muradè kadi pundi / Jatiswara ris nabda / kayun tegesipun / liring ngalimun punika / ingkang aminaki ing salatirèki / tan kèngang yèn bodowa//
52.
//Kadirun kang kuwasaning Widdi / ingkang kuwasa ing dalem salat / tan kena angapesakè / muridun kang karsèku / dèn akarep salatirèki / basirun kang tumingal / dèn wruh salatipun / samingun kang miyarsa pyarsakna nenggih / tan kena tumambuha//
53.
//Mutakalimun kang ngandikani / dèn aceta wawacaning salat / tan kena langgeng puniku / dèn alanggeng salatirèki / purna wulung prakara / dè pikukuhipun / ing tokid pan nem prakara / ingkang dihin kasdu takrul lawan yakin / bangsa badan myang lèsan//
54.
//Kaping nemè ingkang bangsa ati / Ki Tigawrena angungsed tatanya / kadi punendi artinè / Jatiswara lingnya rum / enggèh paman manira myarsi / takyin mulati wayah / panjingè ing waktu / luhurè lawan ngasarnya / mahrib ngisa subuh / awal akirnèki / tan kena salah mangsa//
55.
//Bangsa badan ayun kedah suci / solah salat ingkang tumaninah / tan ngarèkken kang dinginè / myang dingiken kang kantun / sarta lawan tartibirèki / dèning kang bangsa lèsan / ong pamacanipun / ceta patitising sastra / tan kalèdon pasèkat kir’atirèki / geng alit panjang cendak//
56.
//Mad kasarè kurup tan kalempit / bangsa ati murkaranattuha / jumbrah ing lahir batinè / dènè pikukuhipun / kang makripat kawan prakawis / ngawruhi bangsa salat / bar jumungahipun / wus ta da’im ngilmu ngalam / lirè salat bar jumungah limang bekti / dènè kang salat wusta//
57.
//Matèkaken angga salatnèki / tan katimpah sajabaning salat / ing dalem sapunikinè / salat da’im puniku / kang tan pegat ing siyang ratri / panjing wektunè napas / pareng pujinipun / dating Hyang kalanggengannya / tinetepan kalawan madepireki / pangidepirèng suksma//
58.
//Dènè ingkang salat islam mungalim / ngudanèni saliring pinangka / wus tan mangèran sakèhè / amung pribadinipun / kasuciyan eneng kang ening / pan datan kajrenihan / pancadriyèku / dènè pikukuhing islam / tri prakara kang sidik amant tablig / sidik bener lirira//
59.
//Amanati kang kapracayèki / tablig ka-andel ing tegesira / titiga kang negah rèkè / gidib kiyanat nengguh / kitman ngumpet iku / punika pamyarsa kula / kang pra tuwa suka dènira miyarsi / ring sojaring kang putra//
60.
//Ki Saèmbang mojar mring kang rayi / Ki Tigawrena ingkang liningan / sèjè kang sun wuwusakè / ya iki mengko dalu / apa tanggapanè inèksi / tigawrena turira / anjawining angklung / sarta lawan kinentrungan / Ki saèmbang angling ya bener sirèki / mengko sorè ngundanga//
61.
//Sahananè anak putu santri / kon ngalumpuk dèn pada sumekta / kakentrung lawan angklungè / sandika aturipun / nulya dungkap wektu maherib / ngacaran mahèr kadas / nulya samya cawuk / ing wektu wus ingadanan / parlu mahrib tumekèng ngisanirèki / bakda asasalaman//
62.
//Samya linggar gyan maring pandapi / Ki Jatiswara lan Ki Saèmbang / Tigawrena lan Ki Burum / samya tata dènira linggih / nèng madèning pandapa / sri saosanipun / kang sekul bucu megana / warna-warna sangkep lalawuhanèki / rinampad ing lancaran//
63.
//Nimbok rara ro angladèni / ababraèn meses besusira / anguger tingal liringè / sawusè tatèng ngayun / Ki Saèmbang ngacarani wijik / nuli awawantingan / dèn lekas akembul / pakantuk dènira nadah / wus antara nurug / dènira abukti / luwaran turuh asta//
64.
//Cinarikan sadayanirèki / gantya dadaran sumajyèng ngarsa / wowohan jawadahanè / nora pantara dangu / para santri kang samya prapti / antara wong sawidak / kang ambarang angklung / sampun ginèlaran kasah / ing jarambah pra santri tata alinggih / adu dèngkul akapang//
65.
//Ki Saèmbang wuwusira aris / hèh Dulmuwah nak-putu kang prapta / pupulurana ingonè / sèga nyamikanipun / kang liningan anulya aglis / ambeng sèga panganan / kinang rokokipun / myang wèdang wus rinumatan / pan cinaran sadaya kinèn abukti / nulya akakèpungan//
66.
//Wus dinuga sa-ambèngirèki / amapating gya parèng anadah / apakolèh pamanganè / ramya krojokan kèmbul / wus antara nutug abukti / luwaran ambèngira / binarkatan sampun / sawusnya amasègan / para santri ngling rampès diditu wiwit / anjrudèmung angklungan//

Pupuh VI
Jurudemung

1.
//Santri katah parèng mojar / ènggus rapès tah diditu / sarta surakè gumuruh / angklung barung munya umyang / babanggèn crak-crik klar-klir-klur / sarta kèntrung trèbang kèdang / angaplak tungplèk tungplèk brung//
2.
//Tungplèk-tungplèk plak blang pak blang / pongèk pongpèk brang ung dung brung / tong ting tong byèg dèng pung pung bur / dungpyèk dungpyèk prung brang pung brang / pèpèp bah bah kur bah kur / pong bèm pong bèm dèng dung du brang / kètètèng nguk pyung byang dèng byung//
3.
//Langkung gumrah tanpa rungwan / kèntrung trèbang kèndang angklung / maro papantan akumpul / ngajoni satunggil sèwang / èmprak sarwi nabuh angklung / tinutkèn wong nabuh kèndang / mangka botohè kang ngadu//
4.
//Kitèran èrèk-èrèkan / botohè nabuh katipung / karonè angatag gupuh / rampès jilma kolot siyak / jagonè gya sèlèh angklung / mulya samya kol-okolan / amrangkang surung-sinurung//
5.
//Ramya samya lok gumèrah / sru barung swaraning angklung / kang kalah sinurak umyung / gantya-gantya tatandingan / kang samya nonton asukup / ènting kabungahanira / antuk rong rambahanipun//
6.
//Jatiswara mit mring wisma / rinojongan mring pra sèpuh / jurmunung pakulènipun / maklum sih-sinihèng garwa / sira Jatiswara wau / sapraptanira ing wisma / kang garwa mètuk ing kakung//
7.
//Laju tumamèng pamrikan / rèh lagya katèbèn ing hyun / sang kakung tansah angrum-tum / sarya sru anguswa-uswa / kang garwa linunggyèng pangkun / winawèng rèsmining tingal / pinriyambada sang ayu//
8.
//Sang ayu tan miwal karsa / saking tyasira wulangun / tansah sanalikanipun / Jatiswara mrih asmara / kang garwa lumawèng kahyun / nutug dènnya don turida / karambahan kaping tèlu//
9.
//Katuwukan ing asmara / sang Nikèn angganya rapuh / angluh sarirang marlèsu / kapyuhan laju anèndra / kapati dènnya amujung / wau kang nèng pajrambahan / nimbok rara kalihipun//
10.
//Wasita lawan Suwastra / sasorè tan antuk turu / uga turon uga lungguh / tan bisa ngampah kahyunnya / kangu dènnya ngangkuh-angkung / dalapok linawan karsa / karonè samya kayunghyun//
11.
//matèsing driya wiyoga / nuruti budi ra-uru / alin umarèk ing ngayun / amingkis samiring tilam / mènèd pada amumungu / èsmu kagyat Jatiswara / ririh dènira alungguh//
12.
//Winulat lamun Wasita / asasmita aminta hyun / Jatiswara nuksmèng kalbu / asabil micarèng nala / cobaning Hyang Agung mawantu / darma kèwala tumindak / saking purbaning Hyang Agung//
13.
//Mangkana Ki jatiswara / tumurun saking tilamrum / sunat nuruti sakahyun / Nikèn Wasita binakta / maring pagulinganipun / pinulung lungayanira / kinuswa-kuswa sang ayu//
14.
//Ngèsah ririh nèngkah jaja / sang kakung angungkih pinjung / rinèjèng ujungipun / Wastra kirih kararahan / kawatèsan wèntisipun / Wasita pan katètèsan / tinèmbyan malatkung lulut//
15.
//Amiwal-miwal tang kongkal / rongèh pagulinganipun / mrih indaning kang gurusu / antara rarih rapuhnya / anrah pangrèhirèng kakung / binaudan ing asmara / mamarah pamurihipun//
16.
//Ni rara kongah-kangihan / lumawan sasolahipun / karya karènaning lulut / tambuh surasèng asmara / tèkèng don ing gatining hyun / pyuh kèpyan gagas kumèsar / kasarèngan sapraning hyun//
17.
//Luwaran kang mong turida / marèng paran non sutya wus / Suwastra amipi pintu / duk lagya langkah s priya / rara Suwastra agupuh / ririh nyènèng-nyènèng Wastra / kang cinènèng ngandèg laku//
18.
//Jatiswara ngayut asta / lungayanira tiniyung / kinuswa-kuswa sang ayu / Suwastra atarataban / kèkètègè rèbut-ducung / angorong ambèkanira / kumarangsang mètu ing irung//
19.
//Gya pinondong Ni Suwastra / binèktèng parumanipun / gunulingakèn ing kasur / sang kakung angayut Wastra / rèjèngan padoning pinjung / anèngkah ngampah katimpah / Wastra pirè pinapan hyun//
20.
//Nimbok rara tinumama / kagyat ririh anjritipun / mèrit lir sèmprit tiniyup / ingampèt mung sajèmplingan / winisik dèning pangrurum / bok rara kongah-kangihan / katètèsan ing alulut//
21.
//Amiwal-miwal tang kongkal / saking sih wungkul kapèngkul / kapuyakan ing wrastanduk / rèh andadak didingkikan / Suwastra katèmbyan ing hyun / solahè apulintiran / ngèsah sambat nèda sampun//
22.
//Bok sampun awasa-wasa / grusu-grusu lir mring satru / kang antèr baè karuwun / kawula dèrèng kuwawa / winawa-wawa ing kayun / ni rara ambutayèngan / sang kakung langkung yunhyun//
23.
//Sami-samining asmara / Suwastra pangojonipun / sakaliring surasèng hyun / amagut langèning karsa / nunuju rèsmining kalbu / kadonan solahing priya / anutug karènanipun//
24.
//ParVng luntur gatinira / pyuhing driya kalihipun / tanpa anom ing pandulu / sarira tanpajamuga / kadya pèndèng binotan hyun / sira bok rara Suwastra / lir sawung mèntas kapupuh//
25.
//Luwaran kang don asmara / tan rèkat sariranipun / lir linolos tulang kèju / kadya kèna sampirèna / kasok katrèsnan ing lulut / samya lèsah kasulayah / lwir tan kawawiya wungu//
26.
//Wonga-wonga tan kawongan / maksih andrawèla wungkul / tan kaur angawèr pinjung / saking kaporan sarira / katèmbyan katrèsan ing hyun / tinangi rara Suwastra / maring pawariyanipun//
27.
//Sawusnya dènnya pahèran / wangsul maring tilam arum / ngalèswani garwanipun / dè bok rara kalihira / kang mèntas sami kabrawuk / maring pakasuranira / jrogan guyu-ginuyu//
28.
//Samya dèdès-dinèdèsan / tingkahè lumawan ing hyun / suka pacrèmèdanipun / pating galigag paguywan / apindon solah ika hyun / samya tan ana sangkriban / pating guligag gumuyu//
29.
//Wau ta kang anèng tilam / Jatiswara ngudi kayun / alon maring garwanipun / ing sipta sadaya-daya / kang lalakon nora tanggung / wusa sadalu kèwala / nuruti wèlaning laku//
30.
//Ngarih-arih ring kang garwa / mrih rambah asmarèng lulut / Nawangkapti api turu / wruh solahè kakungira / duk ambrawuk ing rinipun / angucap sajroning nala / sun nyana nora kadyèku//
31.
//Jarè janma wus utama / wus ngalim kawruhing ngilmu / gèlèm angganggu sadulur / apa paribasan ika / aranè sadulur kolur / bibi lègi uwa èca / kadang gampang ptu kalu//
32.
//Apa ta iya kènaa / yèn wayuh sanak sadulur / apa bakal mangkènipun / dèn karèpakèn sadaya / Wasita Suwastra ika / karonè karsa dèn ningkah / tèlu pisan yun winayuh//
33.
//Jatiswara ngarum garwa / angayut pamadyanipun / ngukuhi wau sang ayu / kang raka langkung ngrèrèpa / angwarga pilutèng kalbu / aris dènira wacana / paran ta mirah wong ayu//
34.
//Sira andukani ringwang / aywa wangkot mirahingsun / pawèstri kang wus linuhung / tan ayun kiyaling angga / apratanda bangun-turut / ngalamat manjing suwarga / marma ywa lèngganèng kayun//
35.
//Nawangkapti luntur tyasnya / sinanggara ring raras rum / sang ayu aris umatur / paduka wau punapa / arsa kampir ganggu-ganggu / mring Wasita lan Suwastra / Jatiswara ris amuwus//
36.
//Karananè wangkotira / sèmada asèlan-sèngguh / sun nora rumasa ganggu / mung baè sira wodingwang / gyanta alèsan sun tunggu / manira ginggang sadèla / mring pahèran ababanyu//
37.
//Mèsèm malèrok kang garwa / ngoso sarwi niwèl pupu / sinamun wrananing wuwus / dènè ta botèn kadosa / singgih andika puniku / baya wus adating priya / kikib pasilibanipun//
38.
//Eman bagusè ngayangan / gorohè angundung-undung / Ki Jatiswara gumuyu / sarwi anambramèng garwa / èsmu kakucèman kalbu / duh yayi apuranira / sayèkti bènèr sirèku//
39.
//Nuruti kapti dadakan / dadya karonè kabrawuk / sang garwa mèsèm umatur / inggih sumangga kèwala / kawula tan wancak kalbu / nadyan kaningkah sadaya / witnè mamaru sadulur//
40.
//Tan kapalngdoh punika / Jatiswara ngling gumuyu / yayi yèn wayuh sadulur / ujaring ngilmu tan kèna / yèn kawud mono ta èmbuh / kalihè samya pagytwan / sang kakung angudi kayun//
41.
//Kang garwa kinuswa-kuswa / pipyèram rèmu bang sinru / ing pamriyambadanipun / dènnya mrih rambah asmara / angarèjèng ruming pinjung / nikèn mèsah mèsèm mojar / tan ana sèlaning garu//
42.
//Tan na mèndanè sadèla / anggujèg agrita-gritu / asoso kasusu-susu / kaya wong durung kolèyan / sadalu susun-sumusun / dènira agègènukan / wuwuh wong ro kantinipun//

Pupuh VII
Kinanti

1.
//Sang kakung mèsèm ris muwus / aduh mirahingsun yayi / kang tansah muntèl nèng nala / angilèng anèng pangiksi / tan liya mung sira mirah / karya wulanguning kapti//
2.
//Nununtung anggung anggandul / anèng ati sanubari / raras rèsmining asmara / wau Nikèn Nawangkapti / kagunturanèng asmara / anratan lèganèng kapti//
3.
//Wus katèlanjangan pinjung / ka-ajèngan ing arèsmi / anutug pulang asmara / samya karènaning rèng sih / tèkèng gatining surasa / tambuh pyuh jiwangganèki//
4.
//Aluwaran kang pulang hyun / mring pahèranira kalih / samya ngum ing wè susutya / sawusnya apèrès wèni / miwah papasatan sinjang / nulya maring ing tilam-wangi//
5.
//Wancining kaluruk tèlu / wus samya amapan guling / Nawangkapti laju nèndra / miwah arinira kalih / Wasita lawan Suwastra / karonè sampun aguling//
6.
//Jatiswara misih lungguh / sarwi liyangan guguling / sumèdot angayut driya- / -nira mangu among kingkin / pan èngèt wiyoganira / angruruh arinirèki //
7.
//Nir toh jiwangganirèku / Jatiswara sipta ngingkis / ngupaya paraning kadang / taruna kang dadya wingit / tumulya ririh umènyat / ririh mring langgar yun bèkti//
8.
//Angawali waktu subuh / dènnya adan ngalik-alik / Ki Saèmbang myarsa adan / atangi nulya mring masjid / dènnya wulu asèmprotan / laju makmum anvng wingking//
9.
//Myang santri katha kang makmum / Jatiswara angimami / apasèkat kir’atira / angapti wawacanèki / ayat sawusè patèkah / surat sujada inapti//
10.
//Sinujudan adègipun / wawacan rèkangat akir / surat kasar kang winaca / dèging rukuk dèn kunuti / praptèng tahyat salam bakda / laju pupujiyan dikir//
11.
//Nulya donga limang wèktu / anumpa pandonganèki / nènèda apurèng ning Hyang / kasisipaning ngaurip / nalangsa nasokanira / rumasa salahirèki//
12.
//Wusnya srah ing sukuripun / salawat salaman sami / paragat wèktuning salat / bubaran santri lit-alit / Ki Jatiswara alènggah / lawan mratuwanè kalih//
13.
//Ki Jatiswara ris muwus / kula punika kiyahi / umatur datèng andika / wiyosipun kawula mit / andugèkkèn kajat kula / ngulati kadang sumèndi//
14.
//Angalangut tanpa dunung / wikan mangguh pati urip / ngalaya kawèlas-arsa / tanpa rowang dènira nis / inggih punika yèktinya / ingkang kawula ulati//
15.
//Kadi pundi tan lami nèng purug / sun dugi nuli pinanggih / samasanipun kapèdak / tumuntèn kawula mriki / lah sampun paman kantuna / bilih wontèn salah mami//
16.
//Dèn gèng pangapuranipun / sihipun paman ring kami / datan sagèd mangsulana / asangèt panuhun mami / wau sira Ki Saèmbang / miyarsa wacana pamit//
17.
//Tyasnya mèndokol saèjun / pan sarwi barèbès mili / agarap gèrok wuwusnya / duh bèndara anak mami / dè ana pikir dadakan / makotèn kadi punèndi//
18.
//Yèn kènginga gèr bok sampun / sumènèk-èna kariyin / rèrèmma sariranira / lan maning ywa tanggung ugi / gyanta asung pada hawa / datèng pun bapa ing ngriki//
19.
//Sun lagi wruh paminipun / kèwala pucukanèki / durung tumèkèng tèngahan / miwah bobongkatanèki / muga gèr anarèhèna / ènggèh ing satèngah sasi//
20.
//Ki Jatiswara ris muwus / cipta angècani kapti / lah inggih sampun katèda / sih andika datèng kami / ngong ènggal nuli wangsula / kados botèn lami-lami//
21.
//Lah sampun andika kantun / lasang tabè kula bibi / sampun kirang pangapura / bibi dumatèng ing kami / nimbok Saèmbang karuna / misèsèg dènira nangis//
22.
//Magèp-magèp dènnya muwus / puniku kadi punèndi / dè dèrèng wontèn sapasar / puwara mangkè karsa nis / duh anggèr ywa lunga-lunga / kadi punapa pun bibi//
23.
//Lawan kaping kalihipun / rayinta kadi punèndi / tèmahè andika tilar / tan wèruh lagya aguling / mandah ta dènnya kalara / wong tininggal dèning laki//
24.
//Kang mratuwa kalihipun / kalangkung kawlas-asih / sungkawa marang ing putra / pating salènggruk anangis / Ni Saèmbang sarwi sangga-wang / sasambatira mlas-asih//
25.
//Aduh nyawa anakingsun / wlasa ring arinirèki / paran baya sira tilar / pasti pada agring kingkin / saking dahatira trèsna / karèm wruh tutur sajati//
26.
//Durung padang tèmah bawur / apadènè kyai mami / surupanè durung tèrang / tèka yun tinilar ngikis / baya wèt kalurungira / yèn kalantur dènira nis//
27.
//Ki Saèmbang nambung sarya luh / o inggih anggèr sayèkti / tan wurung kawruh wèt mèntah / tan kongsi matèng ing budi / nadyan andika tan kèna / ingampah karsanirèki//
28.
//Anggèr antènèn karuwun / ngong tanginè rinirèki / Ki Jatiswara wlas mulat / marang mratuwanirèki / angaris-aris sabdanya / duh bibi tuwin kiyai//
29.
//Sampun ta gugah kang turu / tèmah angrubèdi kapti / yan mangkè putra andika / tanya mring kula kiyai / andika pituturana / kalamun wawèkas mami//
30.
//Yèn sayèkti asih mring sun / kang mugi ywa walang-ati / manira tan nèdya lama / sakintèn tumuli mulih / wangsul mariki manira / marma ywa susah ing ati//
31.
//Lah sampun andika kantun / basuki suka ing wingking / kawula ayun umangkat / maruput mupung sih ratri / karinana anèng marga / nulya sung salamirèki//
32.
//Kaè Saèmbang agupuh / nanggapi pasalamnèki / arahab ing patekemar / kalihè samya pupuji / Jatiswara papamitan / kadi tan bisa nauri//
33.
//Sangsaya barebel ing luh / cuwa kapedotan ing sih / dèn umangkat Jatiswara / wanci remen saput siti / saking palanggaranira / laju dènira lumaris//
34.
//Ki Saèmbang èstri jalu / nèng masjid maksih alinggih / sami anjetung sangga-wang / gagetunira tan sipi / kumrahing sata kukrukan / wau kang kari aguling//
35.
//Atangi dènira turu / sira Nikèn Nawangkapti / dinuga Ki Jatiswara / salat subuh anèng masjid / sawusnya dandan wawastran / nulya arsa maring masjid//
36.
//Wasitra Suwastra gupuh / mila kakangè mring masjid / kemkenan sambi lumampah / kutètèran nikèn kalih / Nawangkapti praptèng langgar / myat rama bibi anangis//
37.
//nawangkapti tyas kumepyur / angucap sajroning ati / si rama iku kenapa / lan si embok pada nangis / nora anduga wakingwang / pating salenggruk wong kalih//
38.
//Gupuh tatanya sang ayu / paran marmanè puniki / ramèbu pada udrasa / kula andika wartèni / pan iku wonten punapa / kaya wong mentas kapatin//
39.
//Embokè magèp sumaur / wruhanira Nawangkapti / marmanè pada karuna / dadakan lakinirèki / Ki Jatiswara umintar / atilar sasanèng ngriki//
40.
//Sirèku tinilar nglangut / tan kèna ingsun gèndoli / miwah bapanira mvnggah / maksa kèwala lumaris / baya ta wus bègjanira / dènok gonira alaki//
41.
//Bapanè sumambung wuwus / duh anakku Nawangkapti / wau lingè kakangira / awèwèkas maring mami / kinèn nuturkèn ing sira / mèngkènè jarè ring kami//
42.
//Yèn sira asih satuhu / marang ing lakinirèki / dèn asukur suka-rèna / aywa sira walang-kapti / sanggupè pan nora lawas / pan iya anuli bali//
43.
//Mèngkono wawèkasipun / sira Nikèn Nawangkapti / duk myarsa pituturira / wèkasè lakinirèki / mangkèl nyangkèlèk tyasira / lir mas tumimbul ing warih//

Pupuh VIII
Maskumambang

1.
//Yata wau sira Nikèn Nawangkapti / sumpèg panonira / kapèdotan sihing laki / dè tan wruh dènira mèndra//
2.
//Judèg bèbèg sumumpèl atinirèki / aniba kantaka / anggulinting lir wong mati / tan èling purwa duksina//
3.
Ki Saèmbang lang nyainè parèng / Wasita Suwastra / parèng dènira anjèmpling / karuna kalara-lara//
4.
//Wong tatèlu barungan dènnya anangis / kapat Ki Saèmbang / mèmètik pating jarèlih / kagyat kang samya miyarsa//
5.
//Tatangganè kang parèk pamagèrsari / gupuh samya prapta / ting balèbèr jalu èstri / anèrka ana babaya//
6.
//Kaè Tigawrena duk miyarsi tangis / lumayu agèpah / dasar ayun anèmoni / mring mantu pulunanira//
7.
//Nuli prapta ing langgar yèn Nawangkapti / dèn uli ing katah / dènnya kantaka tan èling / dinuga angot laranya//
8.
//Ki Coraki lan Ki Burum Ki Pakabir / sarèng dènnya prapta / dasar samya yun manggihi / kalawan Ki Jatiswara//
9.
//Samya gugup ningali kang datan èling / ana anjajapa / sung tamba anyènyèmburi / katah tingkahing ngakatah//
10.
//Ni Saèmbang nangis sasambatirèki / kadi calapita / duh anakku Nawangkapti / duk èlinga gèr èlinga//
11.
//Angur aku bèndara matiya dingin / kang uwis atuwa / wruh warèg pèdès lan asin / Nawangkapti anglilira//
12.
//Ni wasita Suwastra dènira nangis / tbah-tèbah jaja / sambatè amèlas-asih / duh laè-laè si kakang//
13.
//Nora bisa tèmèn awakingsung kari / sapa rowangingwang / paguywan ing siyang ratri / bisanè tèmèn titingal//
14.
//Sambatè wong loro kèwala sami / batin kang sinambat / sambat panangisirèki / tan lyan mung Ki Jatiswara//
15.
//Nora anangisi marang kang tan èling / tangis kalinglungan / nangisi mring kang lumaris / mintar atilar sasana//
16.
//Kabèh noranana ingkang anyanani / lamun mangkono-a / wau kang lagya tan èling / wus èngèt sajroning nala//
17.
//Myarsa tangising èmbok myang uwa bibi / miwah kulawangsa / tuwa anom samya nangisi / nguwuhwuh amrih èlinga//
18.
//Nawangkapti myarsa sasambating tangis / adinè kulawangsa / ginrahita jroning tangis / sasambatè si dipokrang//
19.
//Olèh nangis nora anangisi mami / nangisi kang lunga / kaè rèwangè agandik / karonè pada sundelan//
20.
//Baya-baya kang dadi lunganirèki / ngrasa kasisinan / lè ambrawuk wong kakalih / lèwèranè kang amawa//
21.
//Kamangkana pangunadikaning galib / anguntar ing driya / kèngetan sajroning sakit / wus adèng dènnya kantaka//
22.
//Ingujaran marang ing biyangirèki / dènok wus tangiya / linggiha nakingsun gusti / kadang-sanakmu kèh prapta//
23.
//Pan wus aring napasè Ni Nawangkapti / tangi gumarègah / sarwi sru ngiyeng anangis / sasambat kalara-lara//
24.
//Sakèh para kulawangsanira sami / bungah manahira / wus datan ana kang anangis / mung Wasita lan Suwastra//
25.
//Misèg-misèg ting salenggruk nangis ririh / lulur-lulur pada / wau ta Ni Nawangkapti / sasambatè amlas-arsa//
26.
//Kaniyaya wong nèndra tinilar ngikis / lunga tan wawarah / lamis baè trenèng kami / teka malèca ing ujar//
27.
//Bok iya-a ana caturè satitik / nunungkul maringwang / ujarè asih kapati / tamah lunga tanpa sabda//
28.
//Ki Saèmbang angrangkul mring putranèki / sarya ris wawarah / aduh anakingsun iki / aja kapati udrasa//
29.
//Bok manawa lagi cinoba sirèki / pituhunen rara / mau kaè tutur mami / wewekasè lakinira//
30.
//Dèn abekti nastiti jenenging laki / aywa sira kurang / panarimèng lahir batin / atampa coba ganjaran//
31.
//malah mandar dèn wening atinirèki / dèn tawekal sira / supaya mangguh utami / dèn pracaya ing Hyang Suksma//
32.
//Ingkang putra sira Nikèn Nawangkapti / rerem manahira / meneng dènira anangis / mung Wasita lan Suwastra//
33.
//Ingkang sami misih mingsek-mingsek nangis / Nawangkapti mulat / èsmu tengik dènirangling / ambakna wong tatangisan//
34.
//Gumaremeng teka amblebegi kuping / Wasita Suwastra / mak cep meneng dènnya nangis / lir orong-orong pinidak//
35.
//Enengira mambu katengikan angling / kawanguran nala / rèh kacidran ing aresmi / rumasa kucem ing driya//
36.
//Nawangkapti wus rèrèh manahirèki / luwar ing kantaka / mituhu pituturnèki / wawekasè lakinira//
37.
//Yèn sayekti ujarè tumuli bali / kang samya ngalayad / kang tininjo wus basuki / samya mit mulih buburan//
38.
//Amung kantun pra tuwa kang maksih linggih / samya sung wawarah / sadaya ambobolèhi / supaya rerem tyasira//
39.
//Rama paman uwa sami wlas ningali / mring pulunanira / alaki lagi papanggih / pan durung sinapasaran//
40.
//Atemahan mangkya tinilar ing laki / kabègal ing coba / rencana kacuwan ing sih / marma samya wlas tumingal//
41.
//Nawangkapti mundur saking gyan alinggih / saking palanggaran / mulih mring wismanirèki / rimong rampunging semekan//
42.
//Tinutaken embok lan rinya kalih / tumamam ing wisma / laju maring jinem-wangi / amunjung kampuhè jingga//
43.
//Anèng kasur kumureb ngekeb guguling / embokè tan tebah / apan sarwi mituturi / anging datan piniyarsa//
44.
//Nawangkapti kagagas tyasira wingit / angampet karuna / misesek kèwala ririh / waspandres kadi turasan//
45.
//Tansah ngnandika sajroning kang ati / duh nora kaya-a / Ki Jatiswara karya gring / nungkul wong lagi nèndra//
46.
//Paran baya marmanè tan awèh uning / kaè Jatiswara / kaniyayanè kapati / wong tresna ingoncatan//
47.
//Teka bisa agawè rasaning kapti / ngur ya kalakona / temah anyenyongah ati / bagi wus cilakaningwang//
48.
//Durung nemu wong laki kaya mami / laki gogorohan / teka namung rong dina til / laki caranè wong apa//
49.
//Sataun lamun anaa kapalang mati / salagi wakingwang / lagi tuk pangantin / tininggal minggat lalesat//
50.
//Apa ingkang tinemu nèng paranèki / agawè sangsaya / wong nora rep kudu apti / iya marang raganingwang//
51.
//Mau mula katon apa wak mami / si jenat aoncat / kaya wong dèn gigilani / yatallah nora kayaa//
52.
//Ni Saèmbang pitutur sarwi anangis / aduh sutaningwang / ywa kadarus-darus nini / pupusen wus begjanira//
53.
//Pituhunen wekasè lakinirèki / jarè nuli prapta / nora kaongsi lami-lami / mangsa ta iku cidraa//
54.
Ni Wasita Suwastra milu nuturi / kakang aywa dahat / anggagas rasaning ati / angur baya cangkramaa//
55.
//Maring bèji ngalap argulo taluki / miwah anggrèk wulan / amimilih ruming sari / sarinè kèh pada mekar//
56.
//Nawangkapti nauri wacana wengis / gegeberè ngomyang / cariwis ambalebegi / arep glitak ngajak-ajak//
57.
//Ni rara mak klakep mènjep ngèsemi / bareng samya lunga / pada anggarundel ririh / banjura pegatan pisan//
58.
//Calatunè dadak cumlekit sumengit / panedaku mana / sing lunga-lunga ywa bali / nèng paran wayuha sanga//
59.
//Panas temen atiku mring Nawangkapti / lah ya payo pada / dèn panedaken wong kalih / dimèn bara ngara-ara//
60.
// Ni Suwastra gumuyu angling ngrembugi / ya kakang Wasita / panedaku kang lunga nis / yèn bali Ki Jatiswara//
61.
//Aja arep ketemu lan Nawangkapti / amung katemuwa / lan aku ana ing bèji / lan kowè katelu lanang//
62.
//Iya pada dèn umpètakèn pribadi / anèng palangonan / si kakang aja ko wèhi / pinèt wong roro kèwala//
63.
//Apaguywan wong roro pating gulitik / ngayèm-ayèm ujar / saking sawo /arèsi / mring sang anom anglèlana//

——aak——
Alang alang kumitir

Ditulis dalam SERAT JATISWARA | 3 Komentar - komentar »
SERAT MUDHA KARANA
Juni 17, 2010 oleh Mas Kumitir
Pupuh I
Dhangdhnggula

1.
Raras ingkang sarkara mintasih, mring sanggyaning kang samya punikas, lawan ingkang nyarsakake, menggah suraosipun, Serat Mudha Karana di, den agung aksamanta, nulus sabek sadu, yen wonten cingkranging wanda, myang kithaling tetembungan sawatawis, lan kalintuning sastra.
2.
Paringa pangapura yekti, angrerakit basa gitadi, dahat dera tan ngrasa, lamun maksih kuthung, walaka niring weweka, sepen kawruh cubluk tuna ing pambudi, cupet mring panggraita.
3.
Mboten sande kathah kang ngesemi, awit saking luputing panindak, datan pakoleh tanduke, tyas berung kadalarung, kebut kliwat nora nyukupi, sasar kurangan nalar, lalabete tan antuk, ing wuwulang prasarjana, kang wus putus mumpuni saliring kawrin, marma sanget kuciwa.
4.
Pamenipun kula anyingkiri, nyelaki kanisthaning budaya, sangsaya ginuweng akeh, nging puntoning tyas ulun, meksa adreng kumedah nganggit, mung kinarya panggrenda, mrih mempaning kalbu, linantih saking lon-lonan, pamintamba antuka berkah pamuji, sabdaning prasiyaksa.
5.
Lawan malih kula suwun ugi, jinampuwa dening Hyang Wisesa, paringa kanugrahaNe, amrih sageda lulus, anggen kula mawanung tulis, samben selaning karya, mung katimbang nganggur, neng wisma mengku sungkawa, labet saking kacombrengan samukawis, tanana kang tinengga.
6.
Mangka purwaning wasita gati, kang supaya dadya pralampita, sagung pra mardi budine, kang sengsem ngisep kawruh, keparenga nulati mirit, tindaking kang mrih arja, myang watek kang bagus, supyantuk kanugrahan, dingapura sakehing dosa nireki, ingkang wus linakonan.
7.
Kawuwusa kang winarneng tulis, nenggih wonten sajuga pandhita, putus sampurna kawruhe, titis prastawa teguh, wicaksana limpat ing budi, agal rempit tan wawasa, gentur tapanipun, ginajar panjang yuswanya, ajejuluk Sang Pandhita Yatnajati, asramen pucak arda.
8.
Winastan Wahmaya kang dhiri, ardi luhur tanana tumimbang, menggah ageng myang inggile, lan ngokang samodra gung, kanan kering pepereng curi, gawat kaliwat-liwat, arang ingkang wantun, angancik pucaking arda, sajejege tanana liya kang wani, saking sru gawatira.
9.
tarlen amung ri sang maha yogi, lan pra cantrik manguyu jajangga, gangsal cacahipun, juga Wasta pun wiwita, kang kakalih aran pun Rahsaya cantrik, katiga pun Citaya.
10.
Kapatiya Budaya wawangi, kang kalima Karsaya parapnya, limeku kinasih kabeh, wau ta kang cinatur, amarengi sajuga ari, wanci hyang bagaskara, wus meh tunggang gunung, yeku bakda salat Ngasar, duksamana Sang Pandhita Yatnajati, karsa lenggah ing langgar.
11.
Den adhepi cantriknya kakalih, pun jiwita kalawan Rahsaya, caket tumungkul lungguhe, Sang Wiku manah darum, marang cantrik ingkang ngadhepi, “Heh cantrik sireku, apata padha wus lama, sakarone anggonmu pada ngadhepi, aneng ngarsa manira”.
12.
Pun Jiwita andheku sumaji, mring Sang Djiwa makaten aturnya, “Dhuh Sang Widra saestune, wau saderengipun, sang pandhita pinarak munggwing, madyaning pacrabakan, pun cantrik wus ngantu, maera rawuh andika, anyenyambi anata mangrasikani, bale kang kagem lenggah”.
13.
Sang Awiku angandika malih, mring Rahsaya mangkana sabdanya, “Lah cantrik paran wartane, nggonmu padha nenandhur, palawija apa lestari, myang tanduranmu gag, apa bisa metu”. Rahsaya matur ngrerepa, “Estunipun angsal pangestu Sang Yogi, sagung taneman kula.
14.
Subur genjah tan wonten kang gering, kang makaten tarlen sing berkahnya, pamuji ndika yektine, lan pangestune Sang Wiku, kang sumebar nyamati wiji, temah saged widada, thukulnya ngrembuyung, lulusa datanpa sangsaya, kang minangka dados rarabuking siti, tegal-tegal sadaya.
15.
Nggih punika wawatek Sang Yogi, dennya tansah ambek paramarta, mamayu amrih ayune, sadina-sadina manggung, lumuh sungkan yen nacad, ala becik sanityasa ing ngalemi, met susukaning liliyan.
16.
Dene ingkang siraming, tataneman ing tegal sedaya, punika saking dayane, sih kadarmaning Sang Wiku, dera manggung dadana mintir, mring janma kang kasrakat, ri ratri lumintu, salami datanpa kembat, anenuju sakarep-kareping janma, tan arsa karya cuwa.
17.
Sang Pandhita manambung sabdanis, mring Jiwita tanapi Rahsaya, makaten pangandikane, “ya bangetira meng sun, nggonmu njunjung kluhuran kami, sapata kang kuwawa, junjung prawirengsun, kajabane amung sira, ing samengko seje kang dakwuwus genti, kadangmu kang titiga.
18.
Ana ngendi tan angadhepi”, pun Jiwita umatur prasaja, mangkana cantrik umature, “nuwun ndika ndangu pun cantrik, kadang kula tetiga, neng tegalan macul, samya andamel gadhangan, badhenipun kataneman kacang ruji, kenthang miwah katela”.
19.
Sang Awiku angandika malih, mring dwi cantrik sabdanya mangkana, “sira sun duta ge-age, nulatana kadangmu, si Citaya Budaya, katelune Karsaya, mengke yen wus pangguh, tutura lamun sun duta, bocah telu mangko wanci madya ratri, padha kinen sumewa”.
20.
Matur nuwun sandika cantrik dwi, gya lumengser sira ngarsa Sang Dwija, sumedya nuruh kadange, njujug mring tegilipun, katon maksih sami ndhangiri, taneman palawija, samana dupi wus, perak nulya awawarta, ring kadang tri makaten denira angling, “dhuh kadang tri sadaya.
21.
Den pirengna wuwusku kariyin, ywa katungkul dhangiri tanduran”. Wau tau cantrik katrine, dupi miyarsa wuwus, sigra noleh bareng tumoleh, sareng samya tumingal, yen kadangnya sepuh, kakalih angulatana, pun Citaya, Budaya, Karsaya sami, merak nungsung pawarta.
22.
Pan makaten Citaya derangling, “ lah ta kakang paran wigatinya, de sira nusul marene”, Jiwita nambung wuwus, “aywa dadi kageting ati, nggonku katemu sira, ana parlunipun, manira ngemban dhawuhnya, Sang Pandhita tekaku kinen animbali, bocah telu prasamya.
23.
Mengko yen wus wanci tengah wengi, jeneng sira padha didhawuhana, mrih ngadhepa neng ngarsane, mungguh ing parlunipun, aku tan wruh kurang mangerti”, Citaya lan budaya, Karsaya trinipun, dupi ngrungu ling mangkana, saur manuk mangkana dennya mangsuli, “dhuh Kakang mengko sira.
24.
Umatura ri Sang Maha Yogi, yen wong telu umatur sandika, ri Sang Dwija timbalane, mangke kewala dalu, kula mreg sowan Sang Yogi”, wauta pun Jiwita Rahsaya dwinipun, reh wus trang wangsulanira, gya pamitan wangsul yun matur Sang Yogi, dennya samya dinuta.
25.
Tan wibawa lampahnya neng margi, mung pinunggel mrih gancanging crita, wus prapta ngabyantarane, Sang Yatnajati wiku, marikelu denira linggih, anekeri Sang Jati, meh anguswajengku, Sang Pandhita angandika, Mring Jiwita makaten sabdanya Yogi.
26.
“Paran wusananira, sakarone anggonmu ngulati, baya bisa pinanggya sadaya, kadangmu tetelu kabeh”, pun Jiwita umatur, “saking antuk barkah pamuji, paduka Sang Pandhita, duk wau amba wus, tiga pisan lagya dhedhangir neng tegil, nulya kawula undang.
27.
Dupi sampun sami anyelaki, kadya kula dhawuhken timbalan, dene mangke dalu, badhe sowan ngadhepi”, ya ta ri Sang Pandhita, duk miyarsa atur, kacaryan jroning wardaya, Sang Awiku anulya ngandika malih, mangkana sabdanira.
28.
“Lah ta payo wus bubaran cantrik, ingsung arsa angasoken badan”, “sumangga” cantrik ature, laju linggar Sang Wiku, pun Jiwita Rahsaya tuwin, maksih neng pacrabakan, anata dudunung, kang badhe kangge lungguhan, ngadhepi ri Sang Wiku Yatnajati, aywa nganti kuciwa.
29.
Kuneng gantya amangsuli, cantrik tiga kang sami ngandika, dupyantara wus wancine, timbalan kang tinamtu, cantrik katri angumpul sami, Citaya myang Budaya, lawan Karsayeku, laju budhalan asarengan, sru ginelak wonten tri dera lumaris, anyipta daya-daya.
30.
Prapteng ngarsanya Sang Maha Yogi, duk samana tan kawarneng margi, wus prapta pacrabakane, Citaya gya amuwus, “Kakang kula aminta kori”, wauta pun Jiwita, dupi angrungu wuwus, wiwara nulya binuka, cantrik katri sakala samya umajeng, laju lungguh sata.
31.
Jajagongan ngiras angentosi, rawuhipun Sang Maha Pandhita, datan dangu aturane, dera sami alungguh, pan kasaru rawuh Sang Yogi, nulya pinarak lenggah, duksamana sampun, eca Sang Wiku lenggahnya, tan adangu imbal wacana Sang Yogi, mekaten sabdanira.
32.
Heh ta kabeh bocah telu cantrik, marma sira sun timbali samya, jatine ana gatine, bocah lima sadarum, ing samengko arsa sun wangsit, dimen padha mangertiya, lan supaya weruh, tindak becik miwah ala, awit kabeh manuswa tumitah urip, wajib nampik miliha.
33.
Ingkang becik wajib denarepi, ingkang ala pantes ginuwanga, amrih rahayu uripe”, cantrik lilima wau, samya matur asaur peksi, makaten ature, “dhuh Sang Maha Wiku, sadaya dhawuh andika, mugi-mugi kula sageda nglampahi, lulus salaminira”.
34.
Sang Awiku ngandika malih, mring pra cantrik mangkana wuwusnya, “lah cantrik tanggapen age, kabeh pituturing sun, aywa ana nganti kang cicir, manira yun wedharna, ngelmuning ngidhup, kang nuntun mring karaharjan, kang supaya raharja sajroning urip, lulus tanpa sangsaya.
35.
Cacahana limang kawruh kaki, den anastiti panampanira, ywa nganti ana kang cewet, cantrik sareng umatur, “dhuh Sang Dwija pupundhensih, amba amituhu jarwa, mung sumedya nungkul, ajrih lamun anglirwakna, sakathahing warsitaning Sang Yogi, tan pisan yen nyingkura”.

Pupuh II
Pangkur

1.
Sang Pandhita malih nabda, marang cantrik lilima kang neng ngarsi, mangkana sabda Sang Wiku, “heh cantrik pirengenta, dene gemi mrih trewaca pananggalmu, saiki ingsun amurwa, anglairake wawangsit”.
2.
Makaten pamarsitanya, “lah ta cantrik padha ingsun tuturi, wajibe manuswa iku, manembah mring Pangeran, awit kabeh kabeh obah osiking pramakluk, atas karsaning Pangeran, kang kwasa sung pati urip.
3.
Brgya cilakaning janma, kojur-mujur tarlen karsaning Widdhi, titah mung darma lumaku, tan bangkit karya muga, marmanira samengko padha den emut, angelingi mulanira, purwanta nggenira urip.
4.
Dumadi neng ngalam donya, wineruhke lelakon ala becik, lan sira kinen dudulu, gumlaring ngalam donya, wit urip puniku wis ginawe punjul, timbang sarananing gesang, titah liyane sujanmi.
5.
Mulane wajib manuswa, analangsa sumungkem ing Hyang Widdhi, ywa pegat ing siyang dalu, supyantuk nugraha, dingapura sakabehing dosa nireku, dene teranging panembah, mangke padha dieling.
6.
Ana sembah catur swanta, yeku sembah kang konjuk mring Hyang Widdhi, catur papat tegesipun, swanteku kaweningan, awit sapa sumedya nembah Hyang Agung, mrih bisa konjuk Hyang Sukma, kanggo budi sukci.
7.
Mangkene menggah terangnya, tumanjane sembah kang catur warni, mring trape sajuru-juru, kapisan sembah rasa, kapindhone sembah cipta aranipun, tri sembah jiwa ranira, kaping pat sembah ing dhiri.
8.
Tegese sembah ing rasa, dina-dina netepna yeming ati, aywa dhemen ngumbar napsu, ajegna ayeming tyas, iku wus wajibing panembah, marga ayemu nuntun padhanging kalbu, sembah ing rasa sayekti.
9.
De sembah rahsa kumangka, kanggo minta amrih ungguling jurit, supaya manggya rahayu, aneng jroning payudan, aywa nganti tumekaning lara lampus, kapindhone sembah cipta, mengkene patrape kaki.
10.
Sadina-dina den bisa, anetepke amrih sengsemingati, ywa ngumbar hardaning kayun, dikukuh ing panancang, awit yen wus bisa sengsem jroning kalbu, kawawa asung papadhang, neng jroning pangraseng urip.
11.
Iku wus dadi panembah, pikantuke kanggo manggayuh mamrih, katekana sedyanipun, sedya kang mrih utama, katekane sembah jiwa patrapipun, sadina-dina den bisa, ngesema rarasing ati.
12.
Katamanan lara penak, bener luput ala tanapi becik, tanggapen lan sukeng kalbu, ngidiya eseming tyas, aywa nganti darbe pangresula kulup, karana eseming nala, iku bangkit maweh wening.
13.
Neng jroning pangraseng gesang, weninging tyas dadi sembah sayekti, panembah ingkang kadyeku, kinaryanya amiminta, utamane ing tembe praptaning layu, muga-muga amanggiya, rahsa sudibya ing ngakir.
14.
Kaping pat sembah raga, de tegese sembah raga puniku, wekel kas sing badanipun diajek ing panindak, kang saregep tingdak kang jujur, iku wus wajibing panembah, sembah ing raga sejati.
15.
Pikantuke sembah raga, pan kinarya anjangka mring rijeki, kadonyan saminipun, kang kanggo jroning gesang, kabeh mau margane bisa pikantuk, mrih katekaning panjangka, kanthi nganggo watek kadwi.
16.
Siji temen lan antepan, lamun bisa nganggo watek kadyeki, manawa inggal tinemu, ing amupakatira, katimbalan atase sakeng darbe kayun, marmanya padha den taha, ywa nyerang saliring kapti.
17.
Lan cantrik rehning wus terang, bab panembah konjuk ing Hyang Widdhi, samengko gantya cinatur, sun arsa miterangna, utamaning watek kang bisa nununtun, widada dumadinira”, cantri gangsal matur inggih.

Pupuh III
S i n o m

1.
Wajibe janma taruna, tumitah neng donya kaki, sabisa-bisa den arah, nganggo watek nem prakawis, mangkene trangireki, mungguh wawatek nem iku, kang sapisan istiyar, mantep ingkang kaping kalih, telu temen dene kaping pat tetepa.
2.
Kalimane angapura, kanenem narima kaki, mangkene katranganira, wijange sawiji-wiji, den titi ing panampi, ywa nganti ana tumpang suh, tegese tembung istiyar, ngaurip iku wus wajib, angupaya apa kang dadi butuhnya.
3.
Kapindhone mantep tegesnya, sabisa-bisa ngaurip, ngesthiya anteping budya, budi kang amrih basuki, aywa pisan ngendhoni, yen durung bisa kacakup, wit kodrating Pangeran, sapa kang darbe pangethi, lamun mantep lawas-lawas kaleksanan.
4.
Katri temen tegesira, utamani neng ngaurip, nganggo watek temen ika, ywa dhemen tumindak juti, palacidra gorohi, murka candhala laku dur, awit kodrating sukma, sakehing tumitah urip, sapa darbe watek temen tinemenan.
5.
kapingpate tembung tepa, mangkene tegesireki, sayogyane ing ngagesang, sabisa-bisa mangudi, ngegungna tepa kaki, tepa mring samining ngidhup, ywa dhemen tindak siya, aja nganggep lawan edir, nglegutakna asih tresna mring sesama.
6.
Lima tembung ngapura, mangkene tegese kaki, ngaurip sayogyanira, kabeh tindak sumengka, iku nir prayitneng batin, marma samya den ageng paranimanta.
7.
Wateke budi narima, unggul wekasaning wuri, seje budi kang nyerang, tangeh yen bisa lestari, marma welingku kaki, den abanget panganggepmu, aywa sira nyingkura, marang pitutur kang becik, sayektine bakal ana paedahnya.
8.
Yen sira mituhu jarwa, warsitaku kang kawijil, mbokmanawa tembe sira, anemu kamulyan kaki, lulus bisa basuki, tanana sangsayanipun, mangkeneku wus dadya, pranatan adiling Widdhi, sapa becik bakal antuk kabecikan.
9.
Kadiparan cantrik sira, nggonmu tampa wangsit, apa wus bisa trewaca, pun Jiwita amangsuli, dhuh-dhuh Sang Maha Yogi, yen andika dangu ulun, sadaya warsitanta, sampun cumanthel mbokbilih, amung kantun kadang kula kang sakawan.
10.
Punapa wus saged pana, punapa dereng tan uninga, mbok kadanguwa priyangga, wauta sakawan cantrik, nambung umatur aris, dhumateng Sang Maha Wiku, makaten aturira, dhuh sang pupundhen dasih, estunipun kula ugi wus trewaca.
11.
Sang Pandhita malih nabda, semu kacaryaning galih, mangkana pangandikanya, “heh cantrik lilima sami, sarehning sira wus, bisa anyakup pitutur, tutur kang kawahya, samangko ingsun aganti, sumedharnya saha nglairake piwulang.
12.
Utamaning gagayuhan, kang pantes gagayuh dhingin, mung ana patang prakara, anggepen ingkang nastiti, tancepna sanubari, cacangen kenceng ing kalbu, mrih ywa nganti katriwal, kanggowa salami-lami”, pan cantrik sareng umatur sandika.
13.
Ngandika malih Sang Dwija, “lah saiki sun murwani, amedharake warsita, prakara pangayuh becik, padha kapareng ngarsi”, cantrik gya mangsah umaju, tumungkul pasang karna, manggliling wisik Sang Yogi, Sang Pandhita manabda malih mangkana.
14.
Mangkene katranganira, “silahnya sawiji-wiji, panggayuh patang prakara, kang tumrap kanggoning ngaurip, supaya angindhaki, ngancik lalakon kang bagus, lah padha wiyarsakna, wijanging panggayuh kaki, lakonana kalayan karsaning tyas.

Pupuh IV
Asmaradana

1.
Juga kena den ranira, kawiryan den kapindhonya, artawan kaping telune, kagungan kaping patira, guna kawiryan ranira, papat iku pedahipun, mangkene katerangannya.
2.
Kawiryan tegese kaki, kagem ratu lan parentah, yeku drajat katya yen, marga wong kagem Sang Nata, tanapi pamarentah, gedhe cilik sor unggul, nanging wis mengku wibawa.
3.
Tegese wibawa kaki, den ajeki ing sasana, lamun wus darbe papasthen, balanja sapantesira, tinampan saben candra, dene pahargyan amung, mayar nora ngrekasa.
4.
Marmanya den sami ngudi, mamrih kagema Sang Nata, kanggepa ing salawase, kagema pamarentah, kaparenga anggegadhuh, nindakake panguwasa.
5.
Mangkoneku pan keni, kinarya pikuwatira, uripe neng donya kiye, sanadyan orane bisa, sugih nanging wus mayar, bisa ajeg panganipun, lumintu sadina-dina.
6.
Dene artawan kaping dwi, mangkene mungguh terangnya, yogane ngaurip darbe, panggayuh mring kasaguhan, mrih bisa rawat bandha, ngungkuli sasaminipun, dadi aran urip mulya.
7.
Amarga janman samangkin, sapa kang wus sugih bandha, muktine meh lir Sang Katong, barang kang sinedya teka, ingkang cinipta ana, linulutan sameng ngidhup, labed dayaning sang arta.
8.
Marma welingku dieling, ywa lumuh nggayuh arta, udinen mrih bisane, awit lamun nora bisa, kalakon rawat bandha, uripmu nistha kalangkung, sinatru sapadha-padha.
9.
Katelune dipun nastiti, tegese tembung gunawan, mungguh terangnya mangkene, ngaurip sabisa-bisa, mangudi mrih sampurna, tegese sampurna putus, mumpuni saliring guna.
10.
Kasusastran miwah ngelmi, ywa nganti dhagel tan yogya, nora pakewuh, anggone angupaya boga.
11.
Wit manungswa kang wus ngenting, sakridhaning kasusastran, kawruh gaibe apadene, iku dadi pangungsenya, janma kang tuneng sastra, lan janma sepen kawruh, tekane kanthi weh ruba.
12.
Marmanya weh ruba awit, arep minta pitulungan, apa sing dadi butuhe, kang supaya tinuduhan, barang kang durung wikan, kang wus dadi wajibipun, ingulat tan mrih pinanggya.
13.
Kamangka sira wus bangkit, maweh tuduh kang sanyata, yekti gedhe tarimane, kajaba gedhe trimanya, aweh bungah mring sira, mangkana liruning pitutur, ruru basa kuwasanya.
14.
Awit bakuning wong Jawi, duk kuna prapteng samangkya, kuda weruh ngelmu gaibe, gaib kodrat tegesira, marma den bangetsira, mangudi mrih lebdeng kawruh, kanggo pikuwating gesang.
15.
Ganepe kaping pat kaki, diyatna lan den prastawa, tembung guna kawignyane, pang mangkene tegesira, sabisa-bisa janma, andarbenana panggayuh, mumpuni saliring karya.
16.
Kang dadi praboting ngaurip, kalumrahe ing akathah, udinen awit amrih wignyane, wit manungswa kang wis lebda, mumpuni liring karya, akeh wong kang minta tulung, kinen garap pakaryannya.
17.
Apa sing kang den senengi, ing mangka sira wus bisa, nuruti apa karepe, sayekti dahat sukanya, agung pangalemira, mring sira dene wus besus, bisa anuju sakarsa.
18.
Apa maneh yen wus dadi, barang ingkang sira garap, pasthi ana lilirune, dhuwit ing sapantesira, tinimbang keh ing karya, wus jamak mangkono iku, mangkana tinimbanganira.
19.
Kang mangkana iku kaki, manawa uga wus kena, kanggo pikuwat uripe, sanadyan nora sugiha, nging uripe tan nistha, wit pangane wus kacakup, nora nganti kakurangan.
20.
Bogan yen sira tan ngudi, lawan nora manggayuha, mrih cukup salah sijine, sokur-sokur lamun bisa, papat kacakup pisan, orane siji wus lowung, ugere bisa katekan.
21.
Yen tan kacakupa kaki, salah siji mbokmanawa, uripmu tiba nisthane, wit tuna pambudidaya, akale tanpa guna, tanapi piyandelipun, uripe temah sangsara.
22.
Dadine banjur netepi, ana paribasan ika, aji godhong jati amoh, upamane bangsa ganda, ambune arum jamban, tanana kang dadi wanuh, labet samar yen kakenan.
23.
Lah cantrik rehning uwis, titi terange warsiteng wang, kira tanana kang cewet, saiki manira arsa, paring pitutur sira, nerangke sihing Hyang Ngagung, kang tumrap marang manuswa.
24.
Rahsaya matur umaris, “dhuh Sang Dwija pepundhen kula, kang tuhu wicaksanane, sayekti prakadang kula, agung mangayam-ayam, ganjaraning Sang Wiku, pamarsita kang utama”.
25.
Sang Pandhita nabda malih, makaten dhawuh Sang Dwija, “heh cantrik lilima kabeh, sira padha angrugokna, saliring warsiteng wang, samengko wiwit sun catur, pocung samya kaestokna”.

Pupuh V
Pocung

1.
“Kaya kang wus dakwejangke mring sireku, salah sajuganya, aywa nganti tuna kaki, dene yen wus kacakup salah sajuga.
2.
Sira laju rina wengi den sujut, manembah Hyang Suksma, sajroning sujut sireka, nunuwuna wahyu nugrahaning Suksma.
3.
Kang sibebut sastra jendra yu linuhung, awit sastra jendra, mengku rahmat kang linuwih, kang kawawa sung papadhang donyakerat.
4.
Yektine pun kalamun sira wus antuk, nugrahaning Suksma, ingaran sastra jendra di, jroning ngurip tanana sangsayantra.
5.
Marmanipun tanana sangsayen ngidhup, awit kodrating Hyang, sapa manuswa kang bangkit, gayuh marang sastra jendra ayuningrat.
6.
Bakal antuk kanugrahaning Hyang Agung, ana catur warna, wijangemangkene cantrik, kang kapisan kaparingan kanugrahan.
7.
Kadwinipun kayuwanan kang tumurun, dene katelunya, kabrayan ingkang wus mesthi, kaping pat ganepe iku kayuswan.
8.
Tegesipun catur bab mangkene kulup, tembung kanuragan, iku pinaringan gaib, lwih teguh lan nganggo meguru sira.
9.
Dene tembung kayuwanan tegesipun, pinaringan kodrat, dening Hyang Kang Maha Luwih, keslametan lulus sajroning ngagesang.
10.
Kang katelu de tembung kebrayan kulup, mengkene tegesnya, junampu dening Hyang Widdhi, pinarengke lulus mengku kluwarga.
11.
Tegesipun bisa tumerah tumuruntun, uripe tan cuwa, bisa mencarake wiji, tutug nggone amengkoni anak rayat.
12.
Kaping catur tegese kayuswan iku, antuk kamurahan, palimirmaning Hyang Widdhi, uripira pinaringan urip dawa.
13.
Bisa tutug anggonmu ngemong anak putu, janma kang mangkana, iku kena den arani, urip mulya siniyan dening Hyang Suksma.
14.
Heh ta puthut dadi kawruhananmu, sarehning smangkya, wus titi terang baresih, pituturku mring sira kang wus kawahya.
15.
De pikirmu apa carem apa durung, yen durung matura, mupung ana ngarsa kami, lamun durung pan ingsun maksih kaduga.
16.
Weh pitutur mrih bisa carem pikirmu, ywa sumelang sira, uger aku misih urip, nora kewran yen sira mung minta wulang.
17.
Nulya matur Budaya sarwi tumungkul, makaten aturnya, mring Sang Wiku Yatnajati, mugi-mugia andadosna uningan.
18.
Manah ulun tanapi kadang sadarum, samangke wus padhang, datan wonten kang ngalingi, dupi sampun nampi warsita andika.
19.
Ingkang kantun raosing tyas lir ginrujug, kang tirta nirmala, panggesangnya wong sabumi, adhem asrep sumyah rasanira.
20.
Pindhanipun kadyangganing wit kang alum, duk mangsa katiga, ngaretek ronya barindhil, dupi sampun kataman kataman dresing sang warsa.
21.
Uwitipun seger waluya tan alum, wus rumaos gesang, wit pantuk dayaning warih, kadya tangi garegah saking kantaka.
22.
Nambung wuwus ri Sang Yatnajati wiku, tujuning kang sabda, dhawuh mring Karsaya cantrik, pan makaten dhawuhnya Sang Maha Dwija.
23.
“Heh puthut paran panampi nireku, warsita manira, bab gancaraning Hyang Widdhi, sakirane apapawa wus trewaca.
24.
Dene yen wus bisa cumanthel sadarum, dahat sukaning wang, de padha mengku lulungit”, pan Karsaya mangsuli matur makaten.
25.
“Dhuh-dhuh adhuh Sang Dwija jijimat ulun, saliring warsita, andika kang ulun tampi, kados-kados tan wonten ingkang katriwal.
26.
Mbok bilih wus kinodrat dening Hyang Ngagung, kula lan pra kadang, jer wus pinasthi nanggapi, warsitanta sadaya ingkang kawahya”.
27.
Yata wau Sang Wiku dupi myarsa tur, wimbuh sukaning tyas, makaten ngandikan malih, mring pra cantrik makaten andikanira.
28.
“Saiki wus lega rasaning tyasingsun, mung kari sajuga, pituturku mring sireki, miterangke jejering Gusti Kawula.
29.
Siji iku tanggapen ywa kongsi kisruh, lan mara rungokna, dakterangne ing samangkin”, cantrik gangsal umatur nuwun sandika.
30.
Sang Awiku malih ngandika arum, samengko sun murwa, nerangke Kawula Gusti, piyarsakna amrih timbuling wasana.

Pupuh VI
Maskumambang

1.
Kang kasebut Kawula iku ta kaki, panca driya gesang, raraketan lawan dhiri, cinancang sariningwanta.
2.
Wahanane napas sira kang sajati, de sarining tirta, wahanane yeku getih, kang nyrambahi angganira.
3.
Kang katelu ingaranan sarining agni, dene wahanane, rasa karsa sejati, dupi talinya wus wudhar.
4.
Pancadriya gesang pisah lawan dhiri, laju bali marang, asale purwa kang nguni, manjing alam langgeng laya.
5.
Nora owah tetep ing salami-lami, tan kena cinandra, dunung panggonanireki, ananging uga karuhun.
6.
Kang mangkono wus tetep Kawula-yekti, kena ingaranan, mawor roroning ngatunggal, lan kang murba jiwanira.
7.
Kapindhone ingkang ingaran Gusti, Hyang Maha Kawasa, iku menenging Sang Urip, lan menenging pancadriya.
8.
Satelenging meneng pan jumeneng ening, eling dumeling tan lali, mobah rasaning Hyang Suksma.
9.
Myarsa ganda wuninga tanpa piranti, sugeng salawasnya langgeng sukci nora gingsir, ngebeki rat angganira.
10.
Anguripi sakehing titah donyeki, bisa nukseng malembat, cilik tan kena tinitik, cedhak tur nora singgolan.
11.
Anira dhingini sagung dumadi, kawawa manuksma, nora sesek ing ngarempit, datan logro ing ngajembar.
12.
Yen wujud dalem buta tan kena jinimpit. Adoh tanpantara, cedhak rumaket neng dhiri, yeku Pangeran sanyata.

Pupuh VII
Kinanthi

1.
Kapriye kanthine puthut, nggonira padha nanggapi, warsita kang limang ebab, baya wus samya nyakupi, yata wau pun Jiwita, mangsuli umatur ris.
2.
“Dhuh-adhuh Sang Maha Wiku, mugi andadosna uning, pan dasih lawan pra kadang, dupi anampeni wangsit, andika ingkang pungkasan, raosing tyas ulun kadi.
3.
Siniraman tirta SaWiNdHu, adem asrep anyrambahi, marang saranduning angga, sandyan pra kadang ugi, pan makaten ciptanira, cocog sami tan nalisir.
4.
Ingkang makaten puniku, wau tetela yen antuk sih, kanugrahaning Pangeran, tinurunan wahyu gaib, kinodrat dening Hyang Suksma, kula lan pra kadang sami.
5.
Wus tinakdir ing Hyang Agung, kalamun saged nampeni, warsita ndika Sang Dwija, mboten langkung mugi-mugi, angsala barkah andika, lulus ing salami-lami.
6.
Sageda awet lestantun, nggen kula ndherek Sang Yogi, neng donya prapteng delahan, tan sumedya angoncati, makaten ubayeng driya, kadang-kadang kula sami”.
7.
Yata wau Sang Wiku, duk myarsa turira cantrik, sumedhot jroning wardaya, wasana ngandika aris, “lah cantrik lima sadaya, aturmu kang wus kawiji.
8.
Banget panarimaningsun, de sira pada darbeni, tyas setya kaya mangkana, yekti bakal dak timbangi, asih tresna marang sira, timbange setyanireki.
9.
kajaba ta iku puthut, rehning wus antara lami, nggonmu ngadhep neng ngraseng wang, lahya yo bubaran sami, wis padha sira ngasoa sun arsa nungku semadi”.
10.
Pra cantrik bubaran sampun, sosowangan samya mulih, wau ta Risang Pandhita, gya mangsa muja semedi, miminta sihing Bathara ywa ana sangsayeng dhiri.
11.
Kandhane prasarjana nung, kabeh manungswa yen mamrih, rahayu gesangira, ngantepna mulyaning budi, nindakna alusing tingkah puntoning tyas ywa gumingsir.
12.
Rasakna sajroning kalbu, den prastawa bab kang titi, angger-anggering Pangeran, ngadat wataking dumadi, beraten budi kang nistha, ijolan kang utami.
13.
Kipatna den kongsi jauh, rong bedahat mrih ywa bali, galo keh tuladhanira, warnane janma kang nyingkir, sinau mulyaning budaya, tangeh lamun bisa becik.

Nuwun
Alang alang kumitir

Ditulis dalam SERAT MUDHA KARANA | 1 Komentar »
GAWE PANGAN
Juni 10, 2010 oleh Mas Kumitir
PANGKUR

Bapak Tani udan-udan,
nanging datan duwe tyas wigih-wigih,
kadereng ndang bisa nandur,
ketungkul macul lemah,
nggarap sawah mrih bisa urip kang makmur,
anenandur palawija,
pala kesimpar lan pari.
Mangkono slami-laminya,
gesang lulut kalawan sawah tegil,
nggawekke pangan sedulur,
ingkang manggon na kutha,
dadi cagak adeging nagri kang baku,
apa ora jeneng mulya,
mring negara diajeni.
Ayem tentrem ora nggrangsang,
najan ana jaman nganeh-anehi,
mung siji kang dipun suwun,
panenan tansah ningkat,
sarap sawan ama kabeh padha sumyur,
iku kang tansah den mengsah,
kang ora bisa dibedhil.
Mula pamrentah sumadya,
kabutuhan rabuk alat lan wiji,
uga obat amanipun,
koprasi tani sisan,
kanggo njaga paceklik wus gawe lumbung,
gawe wadhuk agraria,
ben bisa ngoncori tegil.
Kapethik saka buku Warisan, Geguritan Macapat, karyane Suwardi, weton Balai Pustaka, 1983.